Giat Sehat Ikawangi Tangerang Selatan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 02 Februari 2021 09:18 WIB)
- Laporan



Minangka paguyuban sosial, Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Tangerang Selatan akeh nggelar kegiyatan sosial. Sak liyane nganakaken mbagi sega ring Jumat Berkah, Bedah Rumah, hang kerep dilakoni pisan Giat Sehat arupa pengobatan kelawan entup tawon Sengat Lebah. Kebeneran Humas Ikawangi Tangerang Selatan iki, Sujarwo, pegaweyan sabendinane nambani wong nganggo entupe tawon lan dodol madu kelanceng lan propolis hang diarani Pinisilin Rusia.
Emeh saben minggu Giat Sehat Benkuat iki digelar, utamane ring panggonan kumpule wong Banyuwangi. Taping sapa bain hang gelem golet tamba ya dilayani. Hang uwis diampiri ana ring acara Tangerang Raya, Jampang Gunung Sindur, ring iwuhe setaun Ikawangi Jakarta Utara, lan pungkasan ring Buaran panggonane Bedah Rumah Ikawangi dina Minggu sore.
Hang teka ambyak-ambyakan, rata-rata sampek 75 wong. Polae sengete tawon iki kadhung dibarengi ambi madu kelanceng lan Pinisilin Rusia diyakini bisa nambani pirang macem penyakit kayata, diabetes, asam lambung dhuwur, migren, vertigo, panas meriang lan liya-liyane.
"Taping setemene hang apik senget tawon ambi madu iki dienggo pencegahan," jare kang Sujarwo asal Petung Kedaleman Rogojampi hang tau dadi guru ring Mts lan SMAN Rogojampi sedurunge pindhah nang Surabaya megawe ring koran Jawapos.
Tawon hang ana sengete iku ana petang macem, melifera (tawon madu biasa), cerana (tawone cilik), dorsata (tawon alas) lan tawon endhas. Hang dienggo pengobatan tawon jenis melifera. Dene madune hang apik yaiku madu tawon hang sing ana entupe, yaiku tawon trigona sp utawa kelanceng.
Teka madu iki ngasilaken obat kiya hang aran propolis.  Hang dienggo kang Jarwo, madu kelanceng hang produke diarani Pinisilin Rusia.
Kanggo mangsa pageblug iki, pinisilin Rusiane apik kanggo nguwataken imune awak. "Taping umume nong Indonesia iki, wong hang sehat wis ngerasa hing perlu kanggo ketahanan preventif. Kadhung wis kadheman buru golet obat," jare kang Jarwo hang nong umahe ring Rawalele, Jombang, Tangerang Selatan mbukak pisan kanggo pasien hang teka.
Giat Sehat hang pungkasan ring Buaran Tangerang Selatan ditekani Babinsa hang nyokong pengobatan entup tawon kanggo masarakat, jare kang Jarwo hang wis 25 taun usaha madu lan entup tawon.
Madu kelanceng diasilaken tawon hang cilik-cilik dadi rada sara nggawe produksine. Kang Jarwo dhewek ring umahe ngerawati kira-kira 100 kothak tawon. Lan iyane nduwe plasma-plasma liyane kanggo ngasilaken 30 kg sak ulane. Dene madu melifera hang dienggo nyenget pasiene bisa ngasilaken 150 kg saben telung ulan sepisan.
Saben ana acara kira-kira mbutuhaken 500 tawon kanggo ngentup pasiene, jare kang Jarwo kang pindhah nong Jakarta taun 1990an milu ngedegaken harian Republika.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor