Anggitane: Dian Pratama
(Minggu, 02 Maret 2025 09:15 WIB)

Gok Sing Kaku? (Cerita Cendhek)


Suwarane pitik jago pating kukuruyuk, nggugah Jarkoni kang magih nggelethak ngantuk. Dina iku, kaya dene biyasahe, Jarkoni gancang-gancang adus, aju siyap-siyap melaku sekolah. Jarkoni iki kelas 5 SD, dina iku ana jadwale pelajaran Basa Using. Nepaki adus, ambi jebar-jebur Jarkoni enget.

“Alak, iya ana PR Basa Using, nggolet berita, nagud, Isun durung mari”, abane Jarkoni ambi nyirami awake nganggo siwur.

Ring Sekolahe Jarkoni, ana pelajaran Basa Using kang diajar Bu Jamilah. Tepak dina iki, mula Bu Jamilah nguwani tugas, dikongkon nggolet berita, aju diartekaken nyang Basa Using. Aju kadhung wis ulih, engko nong sekolah lalare dikongkon nyeritakaken ning ngarep kelas.

Mak, nedhi tulung uripena tipi Mak”, Jarkoni melung-melung ambi andhukan.

“Masaalah, isuk-isuk wong dikongkon nyetel tipi iku ndeleng paran, sing ngerti emak olah jangan”, emake nyauri.

Mula kadhung ring desa-desa iku biyasahe tipi iku murube bengi. Raina iku wayahe wong tandang gawe, embuh nyang sawah, embuh umbah-umbah, olah-olah, lan sakpiturute. Mula sing ana aturane, tapi iku wis dadi adate wong kampunge Jarkoni.

“Anu Mak, Kula enten PR Basa Using, kon nggolet berita Mak”, abane Jarkoni nyauri emake.

“Iya wis mariki Sun setel, Sira gancangana salin sulung makene sing kasep”, saure emake Jarkoni.

Nggih Mak”, Jarkoni njawab ambi gancang-gancang nganggo kelambi seragam sekolahe.

Mari salin, Jarkoni aju gancang melayu nong ngarepe tipi. Tangane imuk mitesi remot. Serta rada suwi, ahire Jarkoni nemu acara berita ring salah siji tipi. Berita iku, cumpune ngomongaken picis.

Pemirsa, kabar gembira datang dari dunia ekonomi, pada pekan ini rupiah terus-menerus mengalami penguatan, hal ini disambut baik oleh pasar”, suwarane penyiyar berita nong tipi.

Jarkoni ngerungokaken beritane, aju ambi nulis Bahasa Indonesia, terus diartekaken nong Basa using. Kerana gupuh, kang dirungokaken lan ditulis Jarkoni ya mung sakmono iku. Mari nulis iyane sarapan belendhung jagung kang wis diadangaken emake. Rasane enak, gurih, lan sehat. Mari sarapan, Jarkoni aju pamitan nyang emake.

“Mak, Jarkoni ajenge melampah, Jarkoni pamitan ning Emake, ambi ngelungaken tangane arep salaman.

”Iya Lik, ati-ati melaku nong dalan ya”, emake Jarkoni ngewani donga.

“Sangune Mak ?”, jare Jarkoni ambi mesem-mesem.

“Kadhung sangu bain sing lali”,  emake nggeremeng ambi mencep, aju ngelungaken picis limang ewu.

“Kesuwun Mak, A​​​​​​​​​ssalamualaikum”. Jarkoni njuwut picis teka tangane emake.

“Waalaikumsalam”, emake Jarkoni aju nulihi lakune anake ring tengahe lawang.

Ana ring dawane dalan, Jarkoni ngetokaken picis ulihe sangu teka emake. Jarkoni ngenget-enget ucape berita kang dirungokaken mau. Ujare berita mau, picise Indonesia saya kuwat.

“Endi tah wis berita mau, jare picise menguat, tapi gok sing kaku?” abane Jarkoni ngomong dhewek.

“Iki tapi lemes picise, kuwat parane endane wong iku”, Jarkoni nerusaken ambi molak-malik picis limang ewu kang diweni emake.

Gadug nong sekolahan, Jarkoni aju lungguh nong bangkune, ambi ndeleh tase. Buru bain arepe metu kelas, mara-mara ana suwara tentengan. Teng, teng, teng, teng, gedigu suwarane kelonteng kang dipenthung gurune Jarkoni.

“Alak, wis masuk, asem yara wis, gara-gara ndeleng berita mau, untung sing kasep”, jare Jarkoni mbatin. Sing sepira suwi, Bu Jamilah melebu ring kelase Jarkoni. Aju uluk salam.

“Adus kungkum, banyune getuh, Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh”, jarene Bu Jamilah uluk salam ambi nganggo basanan. Sakkal murid-murid girang ambi nyauri, "Waalaikumsalam.."

“Kaya kang wis Bu Jamilah jelasaken sabene ika, lalare yara Sun weni tugas nggolet berita yuh?” abane Bu Jamilah nerusaken njelasaken tugase lalare.

“Saiki, Bu Jamilah kepingin weruh berita paran kang dirungokaken Sira kabeh, ayo dikawiti teka Jarkoni ya”, jare Bu Jamilah ambi nduding Jarkoni.

“Alakemak, gok Kula Bu ?” jare Jarkoni nyauri.

“Uwis hang gancang, gantiyan ambi kancane engko”, Bu Jamilah rada maksa nong Jarkoni.

Sakkal Jarkoni melaku nong ngarep kelas, ambi nggawa buku Basa Using kang mau wis ditulisi berita.

Rupiah Menguat”, abane Jarkoni maca judhul beritane.

“Ring berita kang Sun rungokaken isuk mau, jare picise Indonesia (rupiah) iku menguat, kedadeyan iki mau nggarai pasar dhemen. Empun Bu”, jare Jarkoni.

“Uwis gedigu thok iku ?” Bu Jamilah nakoni.

“Kula ketang bingung nggih Bu, terose picise menguat, tapi Kula tingali picis kang disukani Emak niki mboten kaku, jare menguat tapi lemes Bu?”, takone Jarkoni bingung.

Bu Jamilah aju munyik sithik ambi nggeridho Jarkoni. “Iya yuh, jarene picise kuwat gok sing kaku?

Jarkoni ambi girang nyauri, “nggih niku Bu, Kula wau nggih ningali gok sing kaku?”.

“Iya wis lungguha Lik, Sun jelasaken”, jare Bu Jamilah.

Ketepakan Bu Jamilah iki lulusan ekonomi, dadi iyane ngarti. Ya gedigi iki nasibe Basa Using. Ya untunge masiya lulusan ekonomi, tapi Bu Jamilah iki mula wong Using deles, dadi ya pantes kadhung iyane ngajar Basa Using, makene sing salah ngajari lalare nom-noman.

“Gedigi ya Jarkoni. Rupiah menguat iku kelendi?”, Bu Jamilah ngawiti njelasaken.

“Rika kabeh yara tau Sun jak nong panggonane oper picis yuh?, enget tah sing tepak ana wong Malaysia merene terus dikongkon oper picis Indonesia?”,  Bu Jamilah ngajak lalare mikir.

“Nggih enget Bu”, saure lare-lare.

“Ale bengen ika uwonge ra ngawa picis akehe mung 10 ringgit, tapi dioperaken ulih telung puluh ewu, akeh ra?", yaiku kadhung saiki regane picis ringgit iku telung ewu nematus. Dadine kadhung ana wong Malaysia oper picis 10 ringgit ulih balen pira?”, Bu Jamilah nakoni maning.

“Telungpuluh enem ewu, Bu” Jarkoni nyauri.

“Nah, bener digu yuh, kari penter lare-lare iki. Kadhung regane gok tambah larang iku arane picise melemah, kadhung regane tambah murah, umpamane 1 ringgit iku regane dadi mung rong ewu, iku diarani menguat, dadi dudu picise kaku ya Lik”, jare Bu Jamilah mungkasi ambi munyik.

“Eh, terose Kula kadhung kuwat niku picise dadi kaku, kadhung lemah aju lempe ngoten ak Bu”, saure Jarkoni ambi gemuyu.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Gambar My Hero

Editor: Antariksawan Jusuf