GOW Nganakaken Gesah Perundhungan

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Sabtu, 18 Mei 2024 08:08 WIB)
- Laporan



Emak-emak teka sak kabupaten Banyuwangi hang milu organisasi Gabungan Organisasi Wanita (GOW) nekani undhangan ning aulane hang ana ring dalan Sritanjung, nganakaken talkshow njuwut tema “Mencegah Dampak Psikologis Perundungan Terhadap Anak”. Sekira satus uwong kang hadhir ring acara iku. Ana hang makili Bhayangkari, Jalasenastri, WKRI, HARPI, Aisyiyah, Persit, KKI, Dian Kemala, DWP, lan akeh organisasi emak-emak liyane. Acara hang dibukak ambi Sultoni Munir Sekretaris Dinas Sosial dan PPKB ring dina Selasa, 14 Mei 2024 iku kelaksan kelawan lancar sakmarine ketua GOW Hj. Anna Mujiono nguweni sambutan pembukaan. Gesah kang nekakaken psikolog Dhea Dana Mariska, S.Psi, M.Psi direktur Tulip Psikologi Jember mula dianten-anteni polae masalah perundhungan utawa bullying emeh rata kedadeyan ring saben panggonan utamane ring sekolahan. Ana hang sipate ngelarani pisik, ucap-ucap, lan ana kang sipate non verbal. Ngelarani pisik pelakune ngantemi, nendhang, nyontog, ngidoni, nyakar, nyokot, kadhang dilecehaken seksuale sampek korbane besem-besem, malah ana hang sampek metu getih lan kuthung tangan utawa belung igane. Ngelarani pisik utawa awak iki tau kedadeyan ring SD Mojopanggung kecamatan Giri. Larene sampek mutah-mutah lan sing gelem sekolah. Ring dhaerah liya, lare hang dibuli ana hang sampek ninggal. Kadhung kerana ucap-ucap contone kaya sindhir-sindhir, alok-alok utawa celathu. Sedheng kang non verbal iki korbane sing direken, contone: ana kumpulane lare-lare tepak ngerubung, serta ana hang marani (korban) arep milu ngumpul, mara-mara kumpulan iki bubar. Ana maning bullying iki liwat media digital hang diarani cyber bullying. Ning kene korban dielokaken liwat medhiya elektronik umpamane liwat whatsapp. Kadhung digeningaken, lare kang rumangsa dibuli iki tambah suwi tambah sing kuwat ahire sing gelem sekolah malah bisa setres utawa depresi. Biyasahe lare utawa pelakon bullying iki lare hang rumangsa duwe kuwasa, embuh awake lebih gedhe, utawa akeh picise lan duwe sipat temperamen, angel warah-warahane, gampang dipropokasi. Kadhung lare wadon, akeh-akehe hang nggarai mbuli nyang kancane iku kerana iri. Sedheng hang dadi korban biyasahe lare hang meneng, mindher, rumangsa awake gering utawa kurang dibandhingaken kanca liyane. Paktor psikologi pelakon, iku bisa dideleng teka keluwargane. Bisa hang nggarai iyane dadi pelakon iku kerana keluwargane kurang harmonis kerep tokar. Kadhung iyane diukum kerana salah, ukumane keliwat-liwat. Biyasah ndeleng kedadeyan persaingan kaya kalah menang, sugih melarat, ayu elek, pinter budhuh lan liya-liyane. Inti teka gesah yaiku paran akibate kadhung kedadeyan buli kanggo korban. Sing keneng dipokali kerana dibuli ndadekaken lare dadi depresi lan cemas bingung sing karuwan kadhang ya ana rasa wedi ngadhepi perkara kang arep teka, tambah mindher rumangsa sing ana regane, arep kancaan nawi sing direken, kadhung magih sekolah mangkat aras-arasen melebu sekolah, perestasine mudhun, kadhang sampek kangelan mangan lan kangelan turu, pelayune ngombe obat-obatan makene bisa turu. Hang mbuli ya gedigu pisan, bisa ndadekaken lare sing duwe rasa empati, karepe dhewek, sing nyaman lan rumangsa awake kurang aman. Akibat buli iki uga dirasakaken ambi saksi mata hang meruhi kekadeyan buli iki. Hang kawitan saksi mata iki keweden, wedi kecaruk ambi hang mbuli lan hang dibuli. Rumangsa salah paran maning nyang kancane hang dibuli, malah bisa ndadekaken trauma. Lan bullying iki keneng dicegah, kudu teka awake dhewek, utawa teka wong tuweke, kadhung bisa teka pihak sekolah, kancane, lan pemerintah.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor