Gowes Ikawangi Bareng Halalbihalal
Nanang Bachtiar (dipublikasikan pada Senin, 14 Juni 2021 08:54 WIB)
- Laporan
Serehne Ikawangi Pusat Jakarta hing nganakaken halalbihalal merga pagebluge durung uncal, Ikawangi Korwil Tangerang Raya nggawe iwuh kelawan nganakaken Gowes Bersama Ikawangi.
Dina Sabtu 12 Juni sore, iwuh HBH Tangerang Raya dianakaken ring Rumah Joglo Ardes Cafe, Tiga Raksa, Tangerang.
Iwuh mancat sepidhah bareng iku hing mung ditekani tim gowes Tangerang, taping uga korwil Ikawangi liyane sak Jabodetabek. Guyub lan semangat seru katone masiya nggawa sepidhah macem-macem ana sepidhah gunung (MTB), sepidhah lempit, sepidhah hang dienggo ring dalanan biyasah (roadbike) lan sepidhah cilik minion.
Mancat bareng diangkati jam 08.00 teka Rumah Joglo Ardes Cafe, kelawan melibeng kutha Pusat Pemerintahan Kabupaten Tangerang lan Pacuan kuda kira-kira 15-20 kilo. Mancat bareng dipungkasi maning ring Ardes Cafe. Ana pirangane sambutan teka Ketua Ikawangi Tangerang Pak Kahfi, Ketua Gowes Ikawangi Pak Sujiono lan sambutan sesepuh Ikawangi hang uga ketua Korwil Jakarta Timur Haji Sugiman.
Iwuh HBH iku kerasa adhem taping ya rame lan katon guyub masiya merga pandemi magih ana, kabeh magih miloni protokol kesehatan, kayata njaga jarak, nganggo masker lan wisuh.
Tim Gowes Ikawangi iki minangka salah siji Kelompok Masyarakat (Pokmas) hang ana ring ngingsore payung Ikawangi Pusat lan buru ulan Pebruari sore diresmekaken. Tujuwane sak liyane golet cara makene awak saya seger, pokmas hang nduwe salam "Huh Hah" iki mentingaken seduluran lan guyub ring antarane wong Banyuwangi hang mboro ring Jabodetabek.
Salam "Huh Hah".
Nanang Bachtiar iki madeg minangka Ketua Harian Pokmas Gowes Ikawangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Nanang Bachtiar
Editor: Antariksawan Jusuf





