Anggitane: Hasan Sentot
(Minggu, 09 Agustus 2020 08:01 WIB)
Gubab
Anggitane: Sentot Parijoto
Direktur ambi mendelik, nuding-nuding karyawane hang diajak rapat. Jare perusahaane rugi terus, merga anak buahe sing bisa megawe. Itung-itungane kudune bathi, taping angger pitungan pungkasan mesthi sing ana bathine. Malah kerep rugi.
“Kelendi Sira kabeh dhung megawe? Masa angger-angger laporan nana bathine, malah saiki rugi!” Jare Pak Direktur teges lan durung ilang matane hang pendelikan.
Ana wong sepuluh teka pirang-pirang divisi ring ruangan iku, taping nana hang gelem njawab. Paran maning mbantah nyang omongane Direktur mau, merga rumangsa paran bain hang diomongaken anak buahe mesthi dianggep salah. Uwong-uwong milih meneng, ambi nganteni rapat agage bubar.
Ocehane Direktur kaya nana putuse. Kabeh teori lan pengalamane megawe ring kantor liya diceritakaken kabeh, utamane hang ana asile. Malah kerep uga nyered-nyered perusahaan liya hang saiki ana asile, jare merga teka tandange iyane sak kanca. Para karyawan hang sing weruh kelendi setemene, terima manthuk kanggo nyenengaken Pak Direktur. Masiyatah, akeh omongane sing melebu akal. Nisbate anak buah, wong ngisoran, milih meneng ambi terus ngeroksa unyik.
AC (air conditioner) ring ruangan iku metu angka 16 derajat celcius, iku artine ruangan iku kudune adhem. Taping uwong-uwong hang ring kana, malah katon kemeringet. Paran maning Pak Direktur hang kelambine lengen dawa, tapi dipelusung sampek sikut. Ambi nulis angka, ambi nyincing lengen kelambine. Kadhang ya nuding-nuding nyang raine anak buahe.
“He.Jito! Kelendi Sira dodolan asile kok elek gedigi? Ale wis Sun omongi, kadhung mareki uwong iku hang sopan lan alus carane ngomong. Malah kadhung uwong iku wis katon arep nyewa nyang panggonane dhewek, agage ajaken ngopi. Malah mangan ring restoran sing paran-paran. Iku arane entertain. Iku picis njaluk ring keuangan. Aja meneng main, nganteni tekane uwong merene arep nyewa,” ujare Direktur nyang Jito hang dadi Manager Marketing.
Tuwuk nyelathu Jito, Direktur aju ngalih nyang Ibul, Manager Keuangan. Ale Ibul iki sampek lara melebu rumah sakit, merga dikongkon Direktur nggawe laporan melebu metune picis perusahaan hang apus-apus. Ibul lare meneng lan jujur iki, terima nuruti karepe Direktur sak bisane.
“Ibul, Isun yara wis ngomong, akehana diskusi lan nemoni Rendy, Konsultan hang dibayar perusahaan. Sira aja kathik bingung, serahaken kabeh masalah melebu metune picis nyang Rendy, engko Rendy hang ngatur kabeh,” jare Direktur.
“Enggih Pak. Saben bengi mantun medamel Kula kecaruk Rendy. Lah niki mula nemen, mboten saged ditulung. Merga yatra hang medal niku mbonten enten buktine. Kula nggih empun sanjang pesen Ndika nyang Rendy, kadhung masalah niki Pak Direktur njaluk tulung diamanaken," jare Ibul mungkasi omongane.
Saiki giliran Manager Operasional, hang durung diuring-uring ambi Direktur. Mula saben-saben ana masalah, Pak Tino, Manager Operasional hang paling tuwek umure ring perusahaan iki, paling aman. Jare kanca-kanca, Pak Tino uga hang weruh kabeh inventaris perusahaan, saiki embuh nyang endi parane.
“Pak Tino, Isun sing gelem maning rungu, kadhung anak buah Rika njalukan picis nang penyewa gedhung iki. Kadhung diuweni, Isun sing ngelarang. Naming kadhung sampek njaluk, paran maning ngeregani pegawean hang dadi kewajibane, Isun sing gelem," ujare Direktur nyang Pak Tino.
Ruangan rapat mara-mara cumpleng, uwong-uwong hang magih rapat meneng kelakep. Kaya ana hang mbukem, Direktur bain mingkem suwi tanpa kecap. Gediguwa, anak buahe kok tambah mberanang lan gemeter. Kaya ana hang nyurung teka njero awake, Pak Jito ambi nggeget untu, mara-mara ngadeg lan ngucap,
“Pak Direktur, wis dipungkasi sandiwarane. Isun sing kuwat, kadhung disurung-surung kon megawe methentheng, pungkasane asile Rika keruk dhewek. Isun ngarti kabeh, jare wong nyewa durung mbayar, temakaken picise wis Rika juwut dhewek lan sing melebu nyang keuangan. Iya ra Pak Ibul?” abane Pak Jito ambi nyawang Pak Ibul.
Durung kober arepe njawab omongane Pak Jito, Ibul nututi ngadeg lan ngomong teges.
“Empun Pak Direktur, kanca-kanca teng meriki ngertos sedaya. Pinten mawon yatra hang Ndika beta. Pinten mawon asile sewa teka njaba mboten Ndika setoraken. Pinten mawon yatra perusahaan hang Ndika silih alasan utang,” jare Ibul ambi sing kuwat nahan banyu mata mili ngepusi matane.
Pak Direktur metenggengen, kaya sing percaya weruh kahanan ring ngarepe mata. Sing nyangka, Ibul wani ngelawan. Pak Jito sing kalah ambi hang enom-enom, katon wis getem-getem.
“Pak Direktur, lare-lare iku kadhung sampek njaluk picis nang wong hang nyewa ring kana. Merga kudu tuku barang kanggo masang spandhuk, baliho umbul-umbul. Malah lare-lare iku weruh kabeh, kadhung ongkos pasang mau jare wis diserahaken nyang Direktur kabeh. Iki kelendi?" jare Pak Tino hang langsung nggawe abang raine Direktur.
Wong telu hang magih ngadeg ambi tangane njaga ring ndhuwure meja, aju ngucap bareng:
“Direktur gubab! Direktur gubab! Direktur gubab!”
Kahanan ring njero panggonan rapat hang ruwed, mara berubah dadi sepi maning. Lawang ngarep mbukak, katon ana dhayoh hang sing diundang teka.
“Oh, Pak Komisaris... Mangga Pak pinarak, sepuntene,” jare Pak Direktur abang-abang lambe.
“Wis Pak Direktur, memengan iki agage dipungkasi. Sekaken lare-lare iki. Emeh rong taun sing munggah bayarane, sing tahu ulih bonus. Ale perusahaan iki rame, uwong hang nyewa sing ana pedhote,” jare Komisaris katon wibawa.
Direktur buru nata omongan arep diuntabaken, lawang njero butulane nang ruangan Direktur mbukak. Ana maning uwong berengose kandel ngadeg, aju ngomong negesaken omongane Komisaris mau.
“Pak Direktur, wis aja gubab. Isun Komisaris Utama ring perusahaan iki wis ngarti kabeh paran hang Rika lakoni. Isun lan komisaris liyane wis mutusaken, mulai dina iki Rika dilereni!” ucape Komisaris Utama negesi.
Keplok lan kauk ring ruangan cilik mau sing bisa dibebeng, tangis seneng teka karyawan-karyawan wadon uga sing bisa diendheg. Ucap kesuwun nyang komisaris teka karyawan ya sing pedhot-pedhot, merga wis suwi ulihe ngudhari masalah iki.
Pak Direktur katon mejugrug ring bucu ruangan, ambi nekepi kuping nganggo tangane. Ucap “Gubab.. Gubab.. Gubab..." kaya-kaya terus nembus nang kupinge. Uwong-uwong hang girang campur tangis mau aju meneng kelakep, serta weruh Pak Direktur gemiblag semaput.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)