Gugon Tuhon ring Wong Using

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Jumat, 18 April 2025 07:42 WIB)
- Esai



Saben-saben kelompok masarakat mesthi nduwe gugon tuhon yaiku kepercayaan hang hing ana dhasar akal sehate. Taping kadhang kadhung ditanting maning ana hang bisa masuk akal ring mburi-mburiane. Nong ngingsor iki contone.


Mati
a.      Kadhung ana manuk gagak nong ndhuwuran hang mibere mung muter-muter ring dhaerah iku, iku pertandha kadhung arep ana wong mati ring dhaerah hang diuteri iku. Ring mburi-mburiane cumpu merga manuk gagak iku mangane daging/bathang (carnivora) iyane bisa ngambus endi wong arepe mati, sebab iyane ngarepaken mangan daginge.
 b.     Kadhung tepak njugeri lemah hang dienggo ngubur, aju pacule patesan sak kancaan, berarti iku tandha kadhung arep ana wong mati maning elet pirang dina teka hang nak dikubur.
c.      Saben ana wong mati dina Selasa ambi Sabtu, bakale arep ana wong mati maning. Istilahe wong Using ngomong yaiku “ajak-ajak”.


Kuburan
a.      Kadhung tepak nong kuburan hing ulih tudhing-tudhing nong arah paran bain, kadhung nudhing kudu diemut derijine aju diidokaken. Kerana hing sopan nong kuburan.
b.     Saben nyambang utawa liwat kuburan kudu salam kerana ngurmati. (Iki dudu gugon tuhon setemene taping ajaran agama Islam).
c.      Saben nong kuburan, embuh iku ngelayat utawa milu ngancani tukang kubur nak ngubur mayit, aja sampek ngomong hang elek-elek kerana bisa nggawe mala. 


Jodho
a.      Kadhung tepak nepasi kelapa, aja sampek katon daging putihe kerana mbesuk bakal ulihe randha, kadhung hang nepasi lare lancing.
b.     Kadhung lare wadon nyapu dikongkon hang rijig, kadhung using bisa ulih jodho wong berewok.
 
Urip
a.      Aja tabuhan ring njero umah merga ngundang utang.


Panganan
a.      Kadhung tepak madhang utawa mangan paran bain, ana rambut ring panganan iku, tandha kadhung hang mangan mauka umure dawa.
b.     Kadhung mari nggawe rujak, aja sampek jebeg lan canthuke langsung diasahi, kerana bisa nggawe lara weteng.


Penulis: Muhamad Novi Yusuf (Opi)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Moh. Novi Yusuf