Gupuhe Ikawangi Sumsel Tepak Gubernur Jatim Merdhayoh
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 02 Desember 2020 07:24 WIB)
- Laporan
Kelendi gupuhe dulur Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Sumatra Selatan tepak Gubernur Jawatimur Khofifah Indarparawansa merdhayoh nong Palembang? Aja mbayangaken kaya Banyuwangi hang unjal-unjal gamelan ring kutha mung itungan menit, ring Sumatra kudu itungan jam-jaman.
"Bangete ulih surat teka Kesbangpol, Ikawangi nekakaken tim kesenian teka kabupaten Ogan Komering hang adohe kira-kira 200 km lan perlu wektu petang jaman merene," jare Ketua 3 Ikawangi Sumatra Grup kang Suroso.
Hing suwi marek teka Palembang dalu, engkisuke Tim kesenian gandrung lan kendhang kempul latihan lan sekaligus dideleng ambi utusan teka Jawa Timur pesadu tah sing tampil dienggo acara gubernur.
"Marek ndeleng latihane, utusan gubernuran kesengsem kabeh," jare Suroso. Hang nggawe mongkog, ana penjaluk, kendhang kempul ngiringi "lagu wajib lokal" Gending Sriwijaya. "Dadi ana campuran lokal lan Banyuwangine."
Hang dadi penyanyine Dian teka Batumarta Ogan Komering Ulu. Rombongan panjake ana wolu lan gandrung papat. Gandrunge lalare SMP lan SMU anake wong Banyuwangi hang ana ring kana. Kaya adate, panjak gandrung Banyuwangi ring Sumsel iki bisa ngiringi gendhing-gendhing kendhang kempulan.
Minangka salah siji paguyuban wong-wong Jawa Timur hang ana ring Sumsel mesthi bain Ikawangi milu ring iwuhe Gubernur hang nemoni para pelaku pasar ring Sumsel sedurunge, engkisuke (dina iki) kecaruk ambi Gubernur Sumatra Selatan.
Ring iwuh hang digelar ring Golf View Cafe and Resto Resort Palembang Selasa dalu iku Gubernur kecaruk pirangane paguyuban kira-kira ana wong 150. Sak liyane Ikawangi ana pisan Paguyuban Pecel Lele Lamongan lan Paguyuban Keluarga Jatim lan masarakat Jatim liyane hang ana ring Palembang. Milu mbarengi gubernur, ana kepala dinas Budaya dan Pariwisata Jatim, kepala dinas Perdagangan dan Industri lan dirut Bank Jatim.
Gubernur malah kaju seru nong guyube warga Jatim lan ngusulaken Kantor Dagang Jatim disiluri posisine ambi para paguyuban dhaerah.
Sak liyane gandrung lan kendhang kempul, ana pisan suguhan Tari Remo hang digawa teka Surabaya, Reog Ponorogo lan Hadrah Muslimat NU Sumsel.
Ring iwuh iku pisan gubernur Jatim ngelungaken santunan kanggo 15 lare atim lan bantuwan 50 juta kanggo Paguyuban Warga Jawa Timur (Pakujati).
Ikawangi Sumatera Selatan iki buru bain ngadeg taun iki minangka salah siji organisasi ring ngingsore Ikawangi Sumatra Grup hang ana ring sangang wilayah/propinsi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor





