Anggitane: NURHARIRI
(Minggu, 03 April 2022 10:35 WIB)
(Gurit Using) Amuk Gada Wesi Kuning, Sing Wedi, Seblang
AMUK GADA WESI KUNING
Sapatah hang kepingin tukar
Saktemene sing kepingin nalar
Naming
ana sulaya janji hang wis gemelar
Nggugah macan nyacak sabar
Amuk ngamuk
Satriya Belambangan wis njangkar
Ampar-ampar
gada wesi kuning gawe wong gayar
Teka hang ngalang
ambegan sing kelar
Amuk Menak Jingga
dudu rasa iri
Taping ana janji-janji
hang disulayani
Amuk tatune ati
Awak sing rega janji dipungkiri
Amuk ngamuk sapa hang sing wedi
Amuk tatu rega awak
Hiyanat ati hang bekasak
Amuk ngamuk musuh padha mberak
Sang satriya gigih
mbela tanah sing mung sak petak
Damarwulan teka nantang
Menak Jingga
mundur pantang
Perang tandhing
ati maprang
Amuk Menak Jingga terjang nerjang
Damarwulan kejeglang-jeglang
Gada Wesi Kuning
digdaya ngganyang
Damarwulan sing duwe daya
Meres utek nggolet sewu cara
Rabine Menak Jingga dadi upaya
Ngerum-rum lan japa mantra
Ati hang kebimbang keneng jala sutra
Wahita lan Puyengan
kasmaran diuja-uja
Gada Wesi Kuning ditilap
diserahena
Menak Jingga dhewekan sing daya
Iyane njemplang
kerana hiyanat wadon hang dipuja
Menak jingga
Gugur kelawan nggawa rega awak hang penasaran
Gugur kelawan sewu pitakonan
Apuwa ana janji lan akal-akalan
Apuwa ana setiya lan warangan
Menak jingga
gugur mbela Belambangan
SING WEDI
Sing wedi
ngelamar mati
Kerana pucuk ati
wis sing perduli
Manah minggat
sapa bisa nggugat
Wis telat
ulihe sambat
Tangis hang tatu
keliwat nekek gulu
Kaya sing nggugu
dhewekan ring bucu dalu
Lakon hang sun tampa
sing gawe lega
Ajur mumur
kerana nyana hang ngawur
Takdir manjing
mangsine wis garing
Iluh pipi buseken
aja maning kangen
Langit tetep biru
masiya mega milu turu
Seriwi ngepak
nguber impen hang ngajak
Karep digayuh
aja alum ditemuh
Nelangsa dibuwang
permata dibacang
Magih ana wayah surub
sinare murub
Sukur lan tasbih iras
ngerandhu janji pungkas
SEBLANG
Gandrung Seblang
Perawan kampung
Jempulung
tiba nyemplung
wis kadhung
ketiban pulung
Kembang desa hang kekurung
Ngerandhu aluwung
Kancanan asmara hang ngidung
Kerana adat hang ngungkung
Mantra-mantra dhukun seblang
dirapal kaya kidung tembang
Kepul welek dupa ngelukis ayang-ayang
Larut wangi setaman kembang
bareng weluri hang dikencang
Dhonge pungkas mantra-mantra
Gandrung tembluk lemes sing daya
Mata merem lali hang ana
Sing sadhar jiwa
embuh ring endi kegawa
Milu welek mantra lan gandha
Lilira-lilira
Tembang gendhing nggugah sukma
Gandrung tangi mata sing njaga
Nanjeg bumi pari mbeludhag merga
Dewi Sri teka berkah digawa
Muter mubeng bersih desa
Omprog selempring
Kembang-kembang diunting
Ubah tangan gemerincing
Ana hang teka kepancing
Ampyak-ampyakan sing ana nggiring
Rasa kemesar kaya ana hang kepaling
Lan santik iku tambah wingit mergingging
Gandrung seblang
nganggo kemben hang rumang
Sampur nyelempang
Selendhange wis ngembang
Gajah uling nutup sikil kaya ngambang
Ubahe tari
Sing dingerti
Naming magih ana kendhali
Sikil nanjeki
tangan ngeper kaya seriwi
Gendhing-gendhing kawak magih pongah
Rampak rasa karep lan polah
nggawa ati hang padha bungah
Gandrung seblang
Luwes kemeliwes mubeng muter
kaya merak miber
Mata merem jugede anter
Sikile lincah kaya kidang hang nguber
Gandrung seblang
Udan sing kepus panas sing ketunu
Adheme hawa sing dirasa
panase latu mung diguyu
Keserimpet nggelibet
kejepit sing njerit
Gandrung seblang
Masiya kegerus jaman
Tetep bain
kegol-kegol nanjeki tabuhan
Bumi Salawat Badar 2022
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)