Anggitane: Nanang Yuswantoro Zuniar
(Minggu, 04 Oktober 2020 06:15 WIB)
Gurit Using: Njero Kawat
Jare anang lan adon, isun kudu sekolah
Amrih dadi lare genah merenah tur sing nggeladrah
Jare apak lan emak isun kudu taat
Amrih dadi wong pangkat urip sing mesakat
Jare pak guru lan bu guru isun kudu sinau hang tuhu
Amrih kelakon kabeh kekarepan hang sun tuju
Taping...
Aperuwa tah delengen kahanan hang nyata
Apa magih bisa wewulangan hang ana ndadekaken urip hang ketata?
Wewulangan hang tanpa tuladha
Wewulangan hang asat piwulangan
Wewulangan hang terima nduduhaken angka-angka
Siji lan siji ana pira?
Jare manut hang duwe kersa
Endane kari sing weruh sopan santun, unggah-ungguh, paran maning tata krama
Tur lali dosa…
Pamrih siji urip alem-aleman
Wewulangan kok kari sing aweh padhang pikiran
Nang... Don..
Njaluk maklumrika amrih sun sing kebelinger
Isun sing kepingin dadi dokter
Merga picise apak sing nggadug sakkoper
Pak... Mak..
Njaluk redane atinrika amrih isun sing kuwalat
Isun sing kepincut derajat lan pangkat
Merga wedi seru nyang sumpahe rakyat
Pak guru... Bu guru..
Sun jaluk donganrika amrih isun sing keneng bendu
Muga bain sekabehe ilmu bisa dadi sangu
Merga sembarang kalire mula magih durung tamtu
Temuguruh, 09/09/2020
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Gurit Using NYZ
Editor: Hani Z. Noor-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)