Anggitane: NURHARIRI
(Minggu, 19 Desember 2021 08:13 WIB)

(Gurit Using) Puputan Bayu


PUPUTAN BAYU

 

Kadhung

ati wis kumendhung

Sing melung

sapa hang nulung

Naming wong Using pantang mutung

Pajupat musuh ngepung

Cincing-cincing teles aluk nyemplung

Perang tandhing mati wis kadhung

Kadhung janji ketiban pulung

 

Puputan Bayu tawur awur

Maju ajur

mundur mumur

Urip kesiksan lacur

Dipaksa tandur

diatur dadi batur

Tenimbang kelantur-lantur

Bangur mati dadi kembang menur

 

Tang ting tang ting tang

Gaman kementhang

raga padha nggelimpang

Ulu Pangpang mberanang

Seru garang

Wong Agung Wilis tandang

maju perang

Musuh dirajang diganyang

sing ana ngalang

Eman-eman kejeglang

kalah dikenthang

dibacang

Getih muncrat kembang-kembang

Abang dadi kembang

Embuh pira wis sing kewilang

Timbang nanggung wirang

Aluk mati jemplang

Merga urip mung ayang-ayang

 

Puput-puput

Puputana cerita

Puputan Bayu wis nyata

Mas Rempeg Jagapati hang digdaya

Bergas ngamuk sing ana ngalahena

Taping takdir ngomong liya

Gugur dadi satriya bangsa

 

Sayu Wiwit

Wadon perkasa

ninggalena keraton lega lila

Dadi pandhega

Mimpin rakyat ngelawan Welanda

merangi angkara

Ngelabuh musuh diberasta

Marek dicacah

Adoh dipanah

Sayu Wiwit

wadon gagah

ngobrak- ngabrik penjajah

 

Wong Using bela pati bela negara

Kalah

mati mulya

urip nanggung siksa sengsara

Wong Using musna mung sisa

Ngalas kumpul kanca hang ana

Terus berjuwang

masang ancang-ancang

Gerilya musuh diadhang

dicancang dikencang

 

Masiya mung kari singgang

Wong Using magih bisa tandang

Warang dibuwang

Lila kedhungsang

Ngateraken anak putu dadi lintang

Gelang-gelang ring awang-awang

 

Banyuwangi Bumi Sholawat Badar

 8-12-21

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor