Anggitane: Urip Limartono Aris
(Minggu, 08 Agustus 2021 10:03 WIB)
(Gurit Using) Sun Anteni, Sukur
Sun Anteni
Pirang bengi maning isun kudu nganteni
rasane kaya wis sing kanti
kumpul bareng guyonan dadi siji
kaya bengen magih sakpucuke deriji
Ayuk Lik gancang aron
mulih ring umah jare njaluk kelon
ring kamar mburi ketelon
Isun njaluk sepura
bengen sing bisa nuruti penjalukrika
magih ana adhik rika lima
Saiki sun netepi janji
sing arep mbedakaken siji-siji
sun ajak bareng-bareng nyembah Gusti
ambi terus ngaji
geningna gedhe nduwe aji
(RSUD, 17 Mei 2020)
Sukur
Sukur sun kirim teng Ndika dhuh Gusti
Mukjijatndika pun nyawiji
Edheng-edheng esem iki wis mulai katon
Masiya magih ana hang durung maton
Muji ndonga terus kula lakoni
Perlune kabeh padha mari
Esem guyu bisa dadi siji
Nyambut dina hang fitri
Dhuh Gusti
Ijabahena karepe ati
Sun janji nggawa anak ring dalan bener
Geningena sing muter kaya puser
(RSUD, 16 Mei 2020)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)