Anggitane: Rissa Churria
(Minggu, 30 Januari 2022 09:18 WIB)
(Gurit Using) Wong Jaranan, Seblang lan Penari
WONG-WONG JARANAN
(Rissa & Cak Nur)
Serngene hang panas
Sing nggawe ati rantas
Padha nonton jaranan
melaku kari akas
Ambune dupa menyan sing bakal ngebas
Jaranan
Jejogedan
nunggang kulit sapi wujud jaran
Pecut hang ring tangan
kemeter
muter-muter sing karuwan
Barang alus padha teka
milu celuke welek dupa
Melebu sukma
Ngubah-ubahena raga
Mata abang kari mawa
Jaranan
Mangan wawa sing kerasa
Mangan beling sing iling
Mangan paku sing nggugu
Rasa wis mati
hang dilakoni sing ngerti
Otote kaku
Matane abang nggolet laku
Kupinge rungu suitan
Suit suit suit
Nguber anter kenceng
Nabrak-nabrak
Nerjang -terjang
Jaranan
Dhukun teka kuping disemprong
Tembluk lemes awak digotong
Ngarekaken rasa lara sing bisa ngomong
Budaya
Tetep dadi jiwa hang dirumat
Sak ebeke welas hang sing tau sambat
Ring larik lontar penguripan
tanah Jawa hang sing tau asat
Telatah Belambangan arane wis jenggirat
Bekasi - Banyuwangi, 27.12.2021
PENARI
(Rissa & Cak Nur)
Separuh ngarep-ngarep hang lair
Kepingine ati ngukir cerita
Ngelus-elus kabeh rasa amuk
bencah bungkrah
Ubahe tarian asmara
Setugel cerita
kegurit saben lakon gerigis
Nyapa bumi manis wajah ujar-ujar
Iyane iku gandrung Banyuwangi
Tanjeg sikile weluri lelana
Nekakena sak lembar cerita
Ngelukis gambar-gambar
Dadiya kadhang samar
Sorot matane ebek makna
Landhep nggetak mala
hang sing kewaca mata
Mata adate
Kala-kala ngenes nancep dhadha
Ngerongrong sungkawa
Kosong sukma
Eseme nggawe kembang padha rontok
Nampik macem-macem nelangsa
Lumer sakjerone tarian
Bogor - Banyuwangi, 18.12.2021
SEBLANG OLEHSARI
(Rissa & Cak Nur)
Iyane
Seblang Olehsari
Perawan cilik
hang dilamar ruwatan adat
Budaya using hang wis jangget ring masarakat
Bersih desa
teka mala
Serana jodho asmara
Rasa sukur ring Hang Kuwasa
Kegol bokong hang sing dingerteni
Keli mili
milu tabuhan tembang lan gendhing
sing ana hang ngajari
Mubeng-mubeng jejogedan milu lakune angin hang wangi
Tangan sikil lan awake
kompak jejogedan sing weruh dalan
Derijine lincah nggawe tentreme ati
Mata merem ketutup omprog kembang
Perawan Seblang
jejogedan milu mutere bumi
Tanjeg sikile mata penguripan
Kaya Dewi Sri hang nggawa berkahe kahanan
Ana hawa angker ring selendhang kain hang nutupi awak
Suwuk disemprong
campur dupa kemebul
ngancani ruwatan
Serngenge surup
ulane nyungup
Seblang gandrunge kudu tutup
Bekasi - Banyuwangi, 13.07.2021
TANAH PENARI
(Rissa Churria)
ini adalah tanah bertuah
dari renjis kisah prabu menak
babaran ksatria damar wulan
dan suratan takdir Sidapeksa
purna oleh napsu pikir
pada Sritanjung
kekasihnya
tanah ini tanak oleh ritual
dan segala budaya yang dipertuan
mengolah segala nestapa menjadi cinta
menyatukan seribu tetabuhan merupa gending
dalam madah yang kental oleh ribu adat-istiadat
menjadi perjamuan olah rasa yang agung
tanah penari jejek kaki di bumi Using
meninggalkan lenggok gemulai
bukan sekadar bayangan
wangi aroma dupa
kembang setaman
iki dudu petetan
hang dideleng nang jero kaca
dadi pandengan sapa-sapa hang nyana
warisan hang terus kudu dijaga
kangge anak turun kang keduga
eeeeeeeee angin
kang liwat ring kono
milu takon hang jeru
ngerumat awake dhewek
apa anane nang tanah penari
bekasi, 15.05.2021
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)