Anggitane: NURHARIRI
(Minggu, 26 Maret 2023 07:48 WIB)

Gurit Welas Sun Pulung


WELAS SUN PULUNG

Jempulung 
Wis kadhung nggandrung
Ulan andhung-andhung
Temenaken mung alak atung
Ati bungah sampek mbelingsung
kaya ulung-ulung
Ndelurung mendhem gadhung
Gemelantung
Temebluk
gemelundhung

Sun ugung-ugung
Wangine kembang sebrang-sebrung
Welas hang sundhekung
inthung-inthung
kembange mutung
Melung-melung
Sing ana hang nulung
Welas agung
hang sing keitung
Durung-durung 
wurung 
digampung
Taping timbang ati kedhuhung
Aluk wurung
Durung kadhung
atinisun kuthung
Mumpung durung kecemplung
Welas sun pulung
sun kurung
ring jerune kedhung
lewang lewung
Sampek metune kuwung
hang cemekung
Ring awang uwung

Lirix Al Harir
27 Januari 2023


WELASE AMBLAS

Enas
Wis kebabas 
ulihe sun ngeronce welas
Loro ati 
sun bundel dadi siji 
muga aja rantas
Welas hang lawas 
sithik engkas 
arep mentas
Tiwas kari akas 
ulihe ngiplas
Bergas ngibas
Welas dipapras sampek tatas
Kari melas 
welase amblas 
ilang babar blas

Welas hang wis keladhuk
durung kepethuk
Rasa hang kemaruk
ngundhuk-ngundhuk
Tibane sing diinguk
Hang sun empuk-empuk
uncuk-uncuk welase ngelamuk
Welas hang sun rabuk 
merujuk ilang muluk
Tinimbang adhuk-adhuk
kepelicuk 
awak remuk
Aluk anguk-anguk
Suluk
Celuk-celuk hang duwe suwuk

Lirix Al Harir 
Banyuwangi, 3 Maret 2023

 

WELAS DADI TUMBAL

Pal
Kari cengkal
Magih bain sedadal
Welas sun lapal
hang mumbal-mumbal
Kaya sing melebu akal
Sampe sun ucal 
kethayal-thayal
Kari-kari welase gempal
mapal
nyerengkal
ilang kesingsal

Ye
Tibane welasisun dikiwal
Ketebal-tebal 
dadi wadal
Urip keneng sangkal
welasisun dadi tumbal

Banyuwangi, 3 Maret 2023

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor