Habib Ahmad: Keliling Donya Merga Kerep Didongengi
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Selasa, 17 Maret 2020 07:31 WIB)
- Tokoh

Jare sapa dongeng iku terima dienggo ngerem-ngerem lare cilik ngarepaken turu? Dongeng mung kanggo ngibur lare-lare cilik, hing ana pengaruhe ring tembe mburi. Kadhung rika duwe anggepan gedigu, edohana sulung. Temekaken dongeng iku gedhe seru nyang merujuk mekare pikirane lare, sampek kegawa gedhe. Iku hang dibuktekaken ambi Doktor Achmad Habib, pensiunan Dosen Kopertis lan saiki Dosen Kontrak ring Universitas Muhammadiyah, Malang.
“Bengen cilikan isun turune bareng sak kanca, ketepakan Pak Uweke kancanisun hang duwe umah iku mula tukang Macaan lan penter ndongeng. Ceritane macem-macem, teka cerita Nabi Yusuf, cerita negara Cina sampek Cerita Negoro Rum, Kadhung saiki Italia. Sing kerasa, merga kerep didongeni iku, aju isun duwe angen-angen kepingin menyang nang negara ring dongeng mau. Alhamdulillah tepak dadi dosen wis sun buktekaken," ujare Ahmad Habib, pawongan teka Desa Gintangan, Kecamatan Blimbingsari hang saiki urip ning Malang.
Habib hang lair 27 Desember 1947 iki, sakat cilik kelebu lare hang temen ulihe nggolet ilmu. Kawitane kepingin dadi guru, kaya wong-wong hang ngekos ning umahe. Jaman sakmono sak penyawange Habib, dadi guru iku enak, sing milu nyang sawah, matun sampek ngijak sunggrak, sing ngarit lan menek kelapa kaya iyane. Lulus SD, Habib nekad ndaftar nyang SMP. Alae jaman sak mono, ring Rogojampi magih durung ana SMP.
“Masiya emak sing aweh merga sing duwe bandha, isun tetep nekad ndaptar nyang SMP ring Banyuwangi. Wayah sak mono isun nunggang sepedhah pancat nyang stapsiun Rogojampi teka Gintangan, aju nunggang aepur kluthuk nyang Banyuwangi, suwene setahun. Kebeneran duwe kakang ipe Lurah Gintangan, kabeh mau hang nyangoni kakang ipenisun. Tepak kelas loro SMP, sak suwene sekolah ring Kutha Banyuwangi, milu nyang dulur ambi mbantu kaya umume wong ngenger," gedigu ucape Dosen Antropologi hang disenengi mahasiswane merga carane ngajar gampang diterima lan akeh akale.
Kawitan magih cilik, Habib kepingin dadi guru. Pungkasane serta marek SMP angen-angen mau dipendhem sulung aju nerusaken nang SMA ring Giri. Pelajaran Basa Inggris hang ditemeni sakat SMP mau tambah dikandeli, mulane njuwut jurusan Budaya. Sing terima Bahasa Ingris, naming uga Basa Arab lan Jerman. Malah wayah sak mono kerep meraktekaken bisane ngomong Inggris, ambi nemoni turis ring Pesisir Boom.
“Lulus SMA Isun nerusaken nyang IKIP Malang (saiki UNM) jurusan Bahasa Inggris, iki saya nguwataken tekadisun kepingin menyang nang manca negara. Tepak preian Lebaran, isun kecaruk turis wadon ayu seru ring bis, aju sun ajak kenalan ambi mesisan praktek ngomong Inggris. Bule mau kepingin memengan nyang Banyuwangi, aju sun ajak memengan nyang Gintangan nyang umahisun. Karepisun nduduhaken nyang kanca-kanca, kadhung isun lancar Basa Inggris lan bisa ngajak turis. Bek Emak morang-moring, mergane turis wayah sak mono nganggo rok cekak. Kaya umume wong Islam ring desa hang magih kolot, marek iku isun dikongkon metu ambi bapak kuliah jurusan Basa Inggris. Kadhung mondok utawa belajar agama buru diulihi. Mulane, isun aju kuliah loro ring IKIP ambi IAIN (Institut Agama Islam Negeri) kanggo nyenengaken emak," jare Habib hang saiki seneng ngerumat macem-macem tanduran jamu iki.
Lakon uripe Habib tepak golet ilmu mau, pungkasane bisa ngeteraken Habib dadi Dosen Kopertis (Koordinasi Perguruan Tinggi Swasta) ditugasaken ring Universitas Muhamadiyah (UNMUH) Malang. Habib sing ulih mulang Agama, naming mulang Bahasa Inggris lan Ilmu Sosial. Masiya wis dadi Dosen, Habib magih nerusaken belajar nempuh S-2 ring University of Michigan, USA aju S-3 ring Universitas Airlangga (Unair) Surabaya Jurusan Ilmu Sosial.
“Teka ulihe Isun mempeng sinau mau, pungkasane Isun bisa keliling donya ambi dadi pembicara ring Seminar lan dadi dosen tamu. Sing terima Negeri Rum (Romawi) lan Majusi kaya ring dongeng hang sun terima wayah magih cilik, Isun uga wis keliling nyang pirang-pirang negara. Mangkane ngulukaken angenan hang duwur, masiya kaya ngimpi kadhung ditemeni bisa kedadeyan temenanan. Isun sing ngira sak durunge, dongeng Negeri Rum lan raja Majusi hang diceritakaken Pak Uweke kancanisun wis bisa sun parani," gudigu pungkas cerita Habib nyang belambangan.com
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.