Hadi Subroto Dadi Ketua Umum Anyar Ikawangi Papua

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 21 Desember 2020 08:12 WIB)
- Laporan



Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Papua tanggal 19 Desember sore wis nggelar Musyawarah Daerah lan milih ketuane hang anyar.
   Musda IV hang ngundang kabeh pengurus cabang Ikawangi hang ana ring Papua lan Papua barat iku, milih Kang Broto dadi ketua umum hang anyar ngganteni kang Sarminanto hang wis kepilih ping telu sedurunge.
"Iki asil hang maksimal 50+1," jare wong hang aran lengkape Dr. Hadi Subroto, SE., NPP., M.Si asale teka Gumukrejo, Purwoharjo Banyuwangi.
   Ikawangi Papua hang wis ngadeg sakat 1985 nduwe cabang-cabang hang ana ring kota/kabupaten kayata Biak Numfor, Jayapura, Kota Jayapura, Keerom, Manokwari, Merauke, Nabire, lan Timika. Ketua hang kawitan kang Surip Kamdi digenti kang Sarminanto sampek Musda sore merga kang Sarminanto kepingin ana regenerasi.
"Merga sak Papua keweran, mengarepe ana rencana arep disibrak dadi loro, Papua lan Papua Barat miloni propinsi hang ana," tambah kang Broto.
   Sak liyane milih ketuane hang anyar, Musda ya mbahas lan mbecikaken AD/ART kelawan nyiluri pasal-pasal hang hing cocog maning ambi kekarepane organisasi, program strategis lan ngurus tatacara pemilihan ketua.
   Ana pirangane rencana ring Sosial, Ekonomi, Pendidikan lan Kesehatan hang arep diuwah dicocogaken ambi programe pemerintah, jare bapake lare papat, lanang telu wadon siji iki. Iwuh Pelantikan ketua anyar arep dianakaken ring ulan Januari.
   Kang Broto iki bengen pindhah nang Papua minangka Aparatur Sipil Negara (ASN) taun 2011 sak mareke lulus teka Institut Pemerintahan Dalam Negeri Jatinangor Jawa Barat.
   Aju taun 2013 iyane diceluk Gubernur Lukas Enembe dadi staf husus gubernur seperene. Iyane uga ngajar ring pasca sarjana Universitas Cendrawasih Jayapura.
   Puluhan ewu wong Banyuwangi hang mbara golet penguripan ring Papua teka Sorong ring kulon sampek Merauke ring pucuk wetan kidul. Malah jare bengene salah sijine wong Banyuwangi ana hang balik nong Papua nggawa duren "pelangi" teka Songgon aju ditandur ring kana lan saiki diakoni lan kesuwur dadi durene Manokwari/Papua.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Hani Z. Noor