Hasan Sentot, Ahli Sair Gendhing Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 05 Juli 2021 08:28 WIB)
- Obituari



Unibengi kira-kira jam 11, isun wis arep njejeg kemul. Mara-mara hape muni. Hun deleng, kang Hasan Basri, ketua Dewan Kesenian Blambangan, ngabari gok iyane ulih kabar teka Kang Juwono Singojuruh kang Hasan Sentot (Hansen) sampek umur.
   Pengeran wis ngatur umure uwong dhewek-dhewek. Kang Hansen hang manggon ring Sidoarjo setemene mulih ngetan merga bapake sampek umur. Cumpu iyane dhewek nututi.

   Tepak Sengker Kuwung Belambangan (SKB) ana iwuh ngeluncuraken buku novel Wong Agung Wilis karyane Mas Aji Ramawidi tanggal 26 Juni sore, iyane warah nong grup SKB gok iyane sing bisa teka merga awake sing patiya seger. Kegiyatan hang pungkasan ruwahe makili SKB ring peluncuran buku Angklung Tabung Musik Blambangan karyane Elvin Hendratha ring Singojuruh ulan April kepungkur.
   Ruwahe salah siji wong Banyuwangi hang gelem milu nguri-uri basa Using lan merga pengalamane dadi wartawan lan tau dipanggonaken ring Banyuwangi, akeh kenalane utamane seniman lan budayawan hang dadi narasumbere.
   Ring medsos, aktip nulis ulasan lan kajian gendhing-gendhing Banyuwangi, utamane hang lawas era kendhang kempulan. Hing maido merga iyane lulus teka Fakultas Sastra Universitas Jember taun 1985 kelawan judhul: Syair Lagu-lagu Daerah Banyuwangi dalam Kajian Semiotik.
   Iyane akeh weruh hing mung saire, taping kadhang njelimet sak sejarah gendhinge, merga bengen tau wawancara hang nulis, kayata ruwahe Pak Andang CY, pak Bashir Noerdian, pak Endro Wilis, lan liyane.
   Hang dimaksud Sejarah gendhing iki umpamane gendhing Kembang Pethetan anggitane pak Andang CY.

Pethetan, ya kembang pethetan
Sun tandur ring bucu petamanan
Isuk soren sing kurang siraman
Sun jaga sun rumat temenanan

Gendhing hang saire apik iki emeh bain melebu ring jumbleng. Merga arep dilarang ambi komandan Kodim. Jaman bengen, utamane mareke G30S PKI, gendhing-gendhing hang arep direkam kudu ngeliwati sensor, salah sijine komandan Kodim. Polae gendhing wis dadi alat perjuwangan lan didadekaken wilayah politik ambi partai-partai politik, umpamane Partai Komunis Indonesia liwat Lembaga Kebudayaan Rakyat (Lekra) lan Partai Nasional Indonesia liwat Lembaga Kebudayaan Nasional (LKN). Grup angklung bain hang urip kudu nemplek nang partai politik. Dadi bengen ana angklung Lekra, LKN, lan Lesbumi duwene Nahdatul Ulama (NU). Merga riwayate pak Andang hang simpatisan Lekra, komandan Kodim iki curiga, gok setemene sair gendhing iki nggawe promosi negara komunis Cina (jaman semono dadi kiblate PKI) hang benderane abang ana lintang ring bucune. Bisa-bisa kembang pethetan ring bucu petamanan iki hang dimaksud  bendera Cina. Emane pegawai pemda bidang Kesra, ruwahe pak Hasan Ali, bapake mbok Emilia Contessa, bisa ngeyakinaken gok sair gendhing iku hing ana hubungane ambi bendera Cina. Pungkasane gendhinge bisa direkam lan dadi salah siji gendhing hang didhemeni wong sampek seperene. Isun rungu cerita iki teka Kang Hansen.
  Mangkane, minangka penerbit buku, isun wis ping pira bain ngejak iyane nerbitaken skripsine makene bisa diwaca wong akeh, lebih nggawe manpaat. Taping kayane iyane nduwe rencana dhewek kelawan alasan skripsine kudu diupdate. Isun wis hing tau maning nguthik-uthik.
   Bukune kang Hansen hang wis diterbitaken Sengker Kuwung Belambangan (SKB) yaiku Gandrung Jagad, kumpulan gurit Using. Kang Hansen iki wis sakat bengen taun 1990an nulis gurit Using ring majalah basa Jawa kayata Panyebar Semangat lan Jayabaya lan ring koran Surabaya Post.
   Malah buru bain ulan Juni 2021 iku kang Hansen njaluk buku gurite hang tau diterbitaken ring Balai Bahasa Surabaya diterbitaken maning ambi SKB.
   Ring SKB kang Hansen iku posisine Wakil Ketua. Iyane akeh usulane hang apik-apik kayata kelendi carane SKB bisa nggawe festival Musik Keplak utawa nggawe festival Musik Angklung Caruk.
   Wis kira-kira rong taun melaku iki iyane aktif ring portal Kabar Banyuwangi minangka pemimpin redaksine. Lan nduwe usaha dodol sega bungkus ring Sidoarjo hang akeh dititipi ambi donatur lan disebaraken ring masjid-masjid lan wong-wong hang mbutuhaken.
   Muga-muga Kang Hansen dipadhangaken dalane, dijembaraken kubure, disepura dosane lan diterima amal ibadahe.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf