(Hasnan Singodimayan) Lebaran Pitung Dina Pitung Bengi (2-entek)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 01 Mei 2021 07:10 WIB)
- Esai



Ater-ater: Budayawan Banyuwangi Hasnan Singodimayan, nulis pengalamane kelendi lebaran jaman bengen ring buku Enam Mata Tentang Banyuwangi. Tulisan iki minangka sambungan teka tulisan bagiyan 1 hang terbit sore. 

(Sambungan teka bagiyan 1)

Penganjuran Elor, antarane Klembon lan Singotrunan, pinggir kulone pendhapa diarani Pagersaren. Sak unyenge Masjid diarani Kauman lan Kesepuhan. Kidule dalan pinggire Kali Elo, diarani Luh Kanten, kulone banyu diarani Gemblungan, lan Kemasan Lebak.

Ana dukuh hang aran Kempon, asal aran teka Ke Empuan. Jaman semono panggonane uwong Besali/Besalen hang nggawe keris utawa Pandhe. Aju saiki diarani Panderejo. Hang akeh duwe dhukuh, desa Dandang Wiring.

Taping kahanan hang salah ucap iku, ana dhukuh hang aran Kampung Kukusan, Sublukan, Awu-awu. Asal mulane, Dandang Wiring iku, kuna mekuna aran Welaran. Desa kuna mekuna sak marine Perang Bayu, sedurunge Banyuwangi ditetepaken Pemerintah Landa dadi kutha.

Nalika iku meh sak kabehe perapatan, perliman, pertelon hang rame, mesthi ana gerdhu kenthongan (penthongan). Kenthongane apik-apik, diukir sapi-sapian. Ana hang diukir uwong-uwongan, ana macan-macanan.

Ana hang digantung, ana hang turu. Aju unine aja takon. Penthongan prapatan Lateng, rungu sampek Inggrisan. Penthongan Singonegaran, rungu sampek Penataban. Penthongan Perliman rungu sampek Sobo. Penthongan Tukang Kayu, rungu sampek nyang Boom. Penthongan Kantor Pulisi katon cilik merga sak dedege uwong, munine sing patiya anter lan mesthi kari.

Penthongan-penthongan iku ditabuh, kapan wis jam sanga bengi, merga dalan-dalan wis sepi, tokok-tokok wis padha tutup.

Merga durung ana becak, uwong nyang pasar nalika subuh, dodolane digawa ambi pikulan kiyet, merga suwarane kiyet-kiyet sak dalan-dalan.

Anane dhongkar, nganteni meletheke serngenge. Akehe sing keneng diitung. Hang mangkale ngarepe biskup, karine sing pati akeh, merga sing pati suwi mandhege, merga akeh hang nunggang, mung katon seliweran ning dalan-dalan. Ngalor, ngidhul, ngulon lan ngetan, nguwot penumpang, embuh siji utawa sak dhongkar.

Dhongkar-dhongkar iku, duwe jurusan dhewek-dhewek, teka endi asale. Dhongkar Boyolangu lan Penataban, jurusan ngulon. Dhongkar Cungking Mojoroto, ngulon ngidul. Dhongkar Giri, ngulon ngalor, dhongkar Pakis Sobo, ngidul kabeh lan ana hang wani nyang Dadapan Kedayunan.

Regane beda. Dhongkar kutha, duwe jurusan sak karepe, gelem ngeteraken nyang Sukowidi. Dhongkar kutha dipanjer ngarak gambare biskup keliling kutha. Dipanjer keliling kutha kanggo wara-wara anane tembung ning Tegal Loji, antarane Banyuwangi musuh Surabaya utawa kutha liyane. Wong main tembung hang teka kutha liya iku, nginepe ning Hotel Srikandi pareke Masjid Gedhi.

Dhongkar-dhongkar iku katon akeh sampek atusan, nalika Puter Kayun dina lebaran. Kabeh tublek nyang Boom, nguwot uwong Lebaran, hang teka desa lan uwong kutha dhewek. Puter Kayun ning kutha aju nang Boom iku diarani dhongkar dawa.

Marine Lebaran kupat, buru diarani Puter Kayun temenan, merga kang milu mung dhongkar lan uwong-uwong desa Boyolangu, Penataban lan Giri.

Ngiling-iling Mbah Ronggo utawa Buyut Ronggo hang ngiring Bupati Raden Pringgo Kusumo ngimpeksi dalan dhodholan (hang dadi Watudodol-red) hang anyar teka Penarukan. Nunggang anane dhongkar, kumpul nyang pendhapa ngiringi bendi hang ditunggangi Bupati. Kahanan iku terus dadi acara adat, kanggone turunan lan penggawa Ronggo, menyang nang Watudodol, Puter Kayun lan selametan ring panggonan iku. 

(Bagiyan 2 entek)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Enam Mata Tentang Banyuwangi

Editor: Hani Z. Noor