Ider Bumi Adat Tradhisi ring Tambong Kabat

Andi Sep Kurniawan (dipublikasikan pada Kamis, 18 Juni 2020 07:06 WIB)
- Laporan



Banyuwangi mula suwargane seni budhaya lan adat tradhisi. Sakat bengen wis akeh hang weruh kadhung Banyuwangi nduwe akeh maceme seni lan tradhisi, teka hang profan sampe hang mambu-mambu agama. Salah siji adat tradhisi agama hang magih diuri-uri ana ring Bumi Belambangan yaiku selametan rijig desa alias hang diweruhi uwong-uwong Ider Bumi. Ider Bumi hing mung ana nong Kemiren. Tuladhane desa hang magih nguri-uri adat tradhisi Ider Bumi yaiku Desa Tambong, Kecamatan Kabat.

Selametan rijig desa utawa Ider Bumi mauka, biyasahe dianakaken seminggu sakmareke lebaran kopat Idul fitri/ tanggal pitu Syawal bisa lebih. Maksud lan tujuwane yaiku ndadekaken wujud syukur nong pengeran gusti Allah SWT hang wis nguweni nikmat lan karunia arupa kenyamanan, tenterem lan amane desa. Sakliyane iku mauka, adat tradhisi Ider Bumi uga dienggo sarana njaga desa muga-muga diadohaken teka bala.

Ana rong dusun ring Desa Tambong hang ngelaksanakaken adat tradhisi Ider Bumi, yaiku Dusun Krajan lan Dusun Kejoyo. Saben dusun nduwe cara hang emeh padha. Kegiyatan Ider Bumi diangkati hataman Kuran teka subuh sampek soren, sak wise iku maca Yasin lan tahlil, uga halal bihalal ring umahe kamituwa hang ditekani ambi Kepala Desa, kerawat desa, RT lan RW, tokoh agama lan tokoh masarakat. Bengine diterusaken ancakan ring masjid, ngundang dhayoh teka rong dusun kelawan cara gentenan netepi tanggal hang wis ditamtoaken.

Sak teruse wayah dhonge (puncak acara), ana iring-iringan oncor (digawe teka jajang hang isi lenga gas lan gombal dienggo sumbune) dipiloni kabeh elemen masarakat teka cilik sampe wong tuwek, sing lali pating nyebutaken kalamullah lan sholawat sak dawane dalan. Ana ning pirangane pucuk, mandheg lan adan berjamaah uga ndonga.

Sak durunge wayah dhonge, marek lohor kira-kira jam loro dianakaken jiarah kubur ring kepala desa lan kerawat desa ring makame sesepuh, wong-wong bengen hang wis nduwe kontribusi kanggo Desa Tambong sampe saiki. Didongakaken muga-muga para arwah dilungguhaken ring panggonan hang paling apik, disepura dosane, lan amal ruwahe diterima Gusti Allah lan dicathet dadi amal jariyah.

Sing lali Pemerintah Desa Tambong nyampekaken tutur terima hang gedhi kanggo uwong-uwong hang wis miloni nyuksesaken acara. Pemerintah Desa Tambong uga njaluk sepura hang gedi nawi nepaki ana paran bain hang kurang apik.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Facebook Pemdes Tambong

Editor: Antariksawan Jusuf