Ijen Magih Tutup, Paran Sarate Bisa Dibukak Maning?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 26 Juni 2020 08:31 WIB)
- Laporan



Masiya pariwisata Banyuwangi kang ndelesep merga anane pageblug wis sithik-sithik diangkati maning, naming kanggo sembrani wisata Banyuwangi yaiku Gunung Ijen magih tutup.

"Ijen magih ditutup. Hang nambang welirang ya hing ulih, kejaba uwong-uwong hang mbecikaken aset sakmareke ana ombak kapanane,"  jare Kepala Balai Konservasi Sumber Daya Alam (BKSDA) Wilayah III Setyo Utomo nyang belambangan.com.  
Kantor BKSDA Jember iki badan hang nduwe wewenang ngawasi lan ngelola Ijen. Badan iki hang engko bisa mutusi kapan dibukak maning.

"Dibukake engko nganteni asile koordinasi antarane Pemerintah Daerah Bondowoso lan Banyuwangi" jare Setyo Utomo.

Lan hang penting, jare Setyo, operator lan pengunjung kudu miloni sarat-sarat hang wis ditamtoaken ring Dirjen Konservasi Sumber Daya Alam dan Ekosistem, Kementrian Lingkungan Hidup dan Kehutanan.

Sarate paran bain kanggo taman nasional, taman wisata lan suaka margasatwa sak njerone mangsa pageblug iki bisa bukak maning?
Antarane, anggone operator wisata kudu ngatur jarak pengunjung, mastekaken hing ana uwong nggerombol.

Saben titik destinasi ngewatesi pengunjung mung10-30 persen teka carrying capacity rata-rata kunjungan harian taun 2019 lan bisa diunggahaken sampek 50 persen sak mareke dievaluasi.
Kanggone pengunjung kudu nduwe surat bebas covid-19, ngisi formulir pendataan perjalanan, nduwe asuransi kecelakaan, nganggo tongkos (masker) lan topong (face shield), nggawa sanitizer utawa sabun cair.
Aplikasi peduli lindungi bisa diundhuh ring https://play.google.com/store/apps/details?id=com.telkom.tracencare utawa https://apps.apple.com/id/app/pedulilindungi/id1504600374

Ijen ditutup sakat ana masa pageblug Korona. Paran maning ring bungase ulan Mei, Kawah Ijen ngetokaken bualan, banyu kawah munggah lan mateni salah siji petugas sulfatara yaiku Andi wong Muncar hang wis puluhan taun manggon ring Jambu Licin. 
Kawah Ijen kira-kira werane 910 x 600 meter mula rada nderawasi kadhung tepak musim udan. Sak liyane ana bualan, kadhang ya ngetokaken welek racun.
Endahe Gunung Ijen (2386m) ndadekaken panggonan iki destinasi hang paling akeh ditekani wong kelenceran ring Banyuwangi. 

Poto: Taufiq Shaleh

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf