Ikawangi Amerika Pokoke Nyambung Seduluran

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 16 Juni 2021 08:34 WIB)
- Laporan



Aran sedurunge Laros USA kanggo ngewadhahi dulur-dulur asal Banyuwangi hang ana ring Amerika. Taping merga kecaruk dulur Banyuwangi liyane hang ana ring grup Ikawangi sak donya, saiki dadi Ikawangi USA.
   Aja mbayangaken Ikawangi USA iki kaya Ikawangi liyane hang ana ring negara Indonesia hang akeh anggotane. Malah kaya ring pirangane propinsi kaya Lampung utawa Sorong, sampek puluhan ewu.
"Sak iki, Ikawangi USA iku hang aktip mung wong sanga, tambah anak-anake," jare kang Sulih Budi ketuane.
   Teka Siliragung ana telu (kelebu iyane), telu asal teka Setail, siji teka Glenmore, siji teka Srono lan siji maning teka Genteng, jare kang Sulih hang manggon ring negara bagiyan Maryland. Iku bain ana anggota hang manggon adoh seru ring California hang kadhung nunggang montor muluk perlu waktu limang jam-an, utawa teka Georgia kira-kira telung jam-an. 
   Kawitane, jare kang Sulih, Laros USA iku ngadeg merga salah siji wong Banyuwangi ana hang keneng Covid, lakine melebu rumah sakit, hang wadon melebu pisan taping merga penyakit hang liya.
   Wong iki duwe anak cilik umur 12 lan umur enem taun. Iki hang dadi pikirane, kelendi carane arep mbantu. "Ring rumah sakit wong tuweke wis ana hang ngerawat, kadhung anak-anake kelendi? Isun dhewek manggone rada adoh teka umahe wong iku."
   Aju kang Sulih ngubungi dulur-dulur asal Banyuwangi hang parek umahe wong hang kadheman nawi sampek ana kedadeyan paling elek bisa mbantu ngubungi dulure hang ana ring kampung. 
"Alhamdulillah kelawan usahane wong akeh, anak-anake ana hang momong sampek wong tuweke balik teka rumah sakit," jare kang Sulih hang paceke nggawe pideo cover-artis gendhing Banyuwangi ambi anak wadone.
   Mula bantuwane iku hing mung teka dulur asal Banyuwangi, taping ana pisan hang teka wong Indonesia liyane hang umahe parek.
   Teka ring pengalaman iku, dulur-dulur Banyuwangi ngawiti nggawe kumpulan hang ana liwat WA grup. "Dadi organisasine iki durung struktural."
   Sedurunge kedadeyan iku setemene kang Sulih uga tau nulung wong Banyuwangi hang keneng stroke lan ngateraken mulih merga wonge wis hing ndayani. Iku uga merga dibantu ambi kanca-kanca Laros USA. Wonge arane kang Basori teka Siliragung lan saiki wis sampek umur. Rabine lan anake siji magih ana ring Amerika.
   Masiya ana ring kadohan, anggota Ikawangi Amerika hing lali ambi tanah kelairan. Malah salah sijine, wong teka Siliragung hang aran Bu Sumarti, nduwe usaha nggawe peyek hang dititipaken ring tokok-tokok hang dodol panganan Asia hang ana ring Maryland, Virginia lan Washington DC. "Kadhung tempe wis ana pisan hang nggawe taping durung diproduksi masal. Tumpeng lan sate ya ana kadhung ngelayanani wong pesen."
   Kang Sulih dhewek menyang nang Amerika merga kepepet kebutuhan ekonomi.Tepak taun 1999 jamane krisis moneter, iyane nyobak ngedu nasib mangkat nang Amerika lan ngelakoni uripe ring kono seperene.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor