Ikawangi Arep Ngelantik Korwil lan Ngeresmekaken Klub Gowes

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 08 Maret 2021 07:46 WIB)
- Laporan



Ikatan Keluarga Banyuwangi (Banyuwangi) Pusat Jakarta arep nduwe iwuh pelantikan Koordinator Wilayah (korwil) lan ngumumaken ngadege Klub Gowes Ikawangi.
Manggon noring restoran Pakdhe Panjang Jiwo ring area akses tol Cikeas dina Sabtu sore, panitiyane wis netepaken tanggale yaiku 20 Maret iki.
"Dikawiti ambi sepidhahan melibeng ring wilayah kene aju balik ring resto kanggo acara pelantikan Korwil," jare Sofi Handoko hang makili Ketua Umum Kang Bambang Sugiono hang tepak ana alangan sing bisa teka.
Merga magih anane pageblug, peserta sepidhahan lan Pelantikan diwatesi, saben korwil mung ngirim maksimal limang anggotane. Lan magih nganggo protokol kesehatan.
Ikawangi Pusat Jakarta nduwe pirangane korwil ring ngingsore hang ngelayani wong-wong asal Banyuwangi ring wilayahe dhewek-dhewek, kayata Jakarta Pusat, Utara, Barat, Selatan, Timur, Kepulauan Seribu, lan hang ana ring sak ubengane kayata Bogor, Depok, Tangerang Raya, Tangerang Selatan, Bekasi, Cilegon.
Hing kabeh wilayah korwile wis padha jejeg. Ana hang buru bain diedegaken kayata Jakarta Selatan (buru nggawe kepengurusan ulan Pebruari sore), Tangerang Selatan (Juli 2020) lan Jakarta Utara (Januari 2020). Korwil telu iku arep terima Surat Keputusan (SK) bareng ambi korwil liyane hang durung nerima SK.  Lan uga Kelompok Masyarakat (Pokmas) arep nerima SK pisan. Pokmas iki  seperene iki wis dadi tangane Ikawangi pisan kayata Prajurit Blambangan hang dadi wadhah anggota TNI, Polri asal Banyuwangi hang ana ring Jabodetabek lan Magenta (wong asal Genteng), Ikabaru (wong asal Kalibaru) lan liya-liyane.
Merga sipate sosial, paguyuban Ikawangi mung bisa ngandhelaken sipat guyube wong Banyuwangi ring tanah boroan. Magih ana wilayah-wilayah hang durung nduwe korwil, umpamane Jakarta Barat lan Kepulauan Seribu. Diarepaken sak cepete ring wilayah iki wong Banyuwangi bisa nggawe korwil makene tambah guyub organisasine.
Iwuh tanggal 20 Maret iku dipastekaken arep ditekani artis Nini Karlina lan adhike Fitri Karlina hang nduweni resto Panjang Jiwo. Merga mangsa pageblug iki pisan, iwuh iku hing ana acara gendhingan has Banyuwangi masiya akeh hang njaluk. Taping ambi manajere restoran magih diusahakaken ulih idin teka kelurahan.
Emane resto Panjang Jiwo panggonane ngemblang lan parkirane wera. Dadi sak liyane acara Pelantikane bisa lancar ring njero, latare bisa cukup dadi panggonan parkir pirangane montor lan sepidhah. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor