Ikawangi Balikpapan, Laros Community Sorong Dumdum Sembako lan Takjil

Arif Sugiono (dipublikasikan pada Senin, 10 Mei 2021 08:48 WIB)
- Laporan



Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Balikpapan mbaleni maning dumdum sembako kanggo dulur Ikawangi hang mbutuhaken. Iwuh ring ulan Ramadan iki dianakaken ring dina Sabtu sore kelawan dikawiti ring Ikawangi Community Center lan dipimpin ambi ketua harian Budi Sakti Purnomo. Akehe sembako hang diedum ana 100 bungkus lan minangka asile sumbangan warga Ikawangi Balikpapan.

Jare kang Budi Sakti, "Iwuh iki minangka agenda rutin hang tujuwane kanggo ngeraketaken tali silaturahim ring antarane warga Ikawangi, hang ana lebihan mbantu warga liyane hang kurang kahanan ekonomine."

"Dumdum sembako iki mula temenan mung kanggo warga hang kurang mampu lan lare atim ring wilayah Balikpapan," jare kang Budi. Masiya tah wis dumdum hang saiki iki jumlahe kurang teka biyasahe, dadi mula dipetani seru hang nerima.

Iwuh dumdum sembako iki diterusaken ambi buka bareng hang dianakaken ring showroom CW_line duwene wong Ikawangi Balikpapan engkisuke. "Muga-muga iwuh iki bisa dadi ladang ibadah kanggo kita kabeh," jare kang Budi mungkasi omonge. 

Laros Community ring Sorong

Ring ulan Ramadan pisan sedurunge, organisasi ring ngingsore Ikawangi Sorong Raya yaiku Laros Community dumdum pisan takjil kanggo wong hang liwat ring dalan parek perapatan SMA 2 Aimas.

Hang nggawe seru kaya ring Banyuwangi kahanane yaiku lalare Laros Community iki nggelar kendhang kempulan ring nduwure genjot hang dipasang ring pinggir lurung. Gendhing-gendhing Banyuwangi digawakaken pirangane penyanyi. 

Jare ketua Laros Community Sorong Raya, Erwin, kegiyatan dumdum takjil iku minangka wadhah kanggo kepedulian nyang wong liya ring sak jerone pageblug. 

Laros Community iki kira-kira nduwe 500 anggota hang kegiyatane akeh ring bidang sosial.

Ikawangi Sorong Raya iki seru majune, nduwe gedung pertemuan dhewek, ukuran 14x38 meter ring tanah hang werane 1,5 hektar. Ring Sorong Raya kira-kira ana 13.000 wong keturunan lan asal Banyuwangi, kira-kira 9 persen teka penduduk Sorong Papua.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Hani Z. Noor