Ikawangi Balikpapan Mengeti Maulid Nabi Bareng Dandim 0905 Balikpapan
Arif Sugiono (dipublikasikan pada Minggu, 31 Oktober 2021 11:17 WIB)
- Laporan
Dina Kemis 28 Oktober 2021, warga Ikawangi Balikpapan duwe iwuh mengeti dina laire Kanjeng Nabi utawane dina Maulid Nabi Muhammad SAW hang dianakaken ring Ikawangi Community Center (ICC) Balikpapan. Agenda rutin taunan Ikawangi iki rada beda kerana dianakaken ring kahanan pageblug hang wis rada suda saingga warga Ikawangi hang manggon ring saubengane Balikpapan padha teka, katon teka ebege panggon hang disedhiyakaken uga akehe sumbangan hang dielungaken, sumbangan picis, barang-barang lan uga tenaga hang ndadekaken rumang lan suksese iwuh iki.
Maulid taun iki rada istimewa merga hang ngewani ceramah Komandan Kodim 0905/ BPP Kol.Inf. Faisal Rizal S.Ip minangka wong asli Benculuk Banyuwangi lan uga diramekaken ambi kesenian hadrah Sritanjung hang dipandhegani kang Bambang kelawan nggandhangaken pirangane gendhing pujian dan diterusaken macaan maulid ring Ustadz Heri hang asli Tampo Cluring Banyuwangi.
Ring tausiahe kang Faisal negesaken pentinge njaga silaturahmi ring antarane warga Banyuwangi hang manggon ring Balikpapan supaya tetep akur lan saya guyub, nyulungaken kepentingane wong akeh timbang kepetingane awake dhewek kanggo njaga nyawijine warga Ikawangi ring Balikpapan kaya hang wis dituladhanaken nyang Kanjeng Rasulullah SAW, kerana silaturahmi iku ndawakaken umur, kaya hang wis ditulis ring riwayate Hadits Rasulullah SAW.
Ring pungkasan ceramahe, kang Faisal ngengetaken perlune awak dhewek kabeh belajar ngelakoni urip hang saya apik, njaga pethithet hang tambah apik lan sing pedhot ngangsu ilmu kaya dene pengajian-pengajian ring kumpulan iki. Sing lali Dandim 0905/BPP iki uga nyampekaken rasa terima ring Ikawangi hang wis mbantu nyuksesaken program vaksin, bansos lan ngedum sembako ambi Kodim 0905/BPP ring sedawane mangsa pageblug, saingga lakune program Kodim 0905/BPP lan masarakat hususe warga Ikawangi bisa kelaksan kelawan apik, pungkase.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Ikawangi Balikpapan
Editor: Antariksawan Jusuf








