Ikawangi: Basanan ring Cimerang Sampek Pengurus Kawitan ring Nabire

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 13 September 2021 07:13 WIB)
- Laporan



Kadhung nduwe ketua Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) hang seru lanyahe ngunekaken basanan (pantun Using), nana wih, pidatone kaya ndeleng pentas Macaan Pacul Gowang hang kerep diarani kesenian Aljin. Gedigu kedadeyane tepak ana iwuh arisan ulanan dina Minggu 12 Sep, hang kawitan sakat anane pageblug ring Ikawangi Korwil Cilegon-Merak-Serang (Cimerang).

Buru uluk salam bain, kerasa kurang disauri ambi anggotane hang ngumpul ring umahe kang Chairul, ring kompleks perumahan PLN parek pembangkit listrik Suralaya, Merak, Ketua Cimerang kang Ahmad Fauzi wis ngetokaken jurus basanane:

Melaku-melaku neng pasar Srono, ulih-ulihe sempak

Suwara salam wis ana, tapi sayange kurang kompak

Buru disauti kelawan salam jak kakehan, wong asal desa Tukang Kayu hang uga dadi ketua takmir masjid ring umahe lan ketua kelompok tani, kang Fauzi, iki nerusaken:

Mangan indomie nganggo kelambi galur

Alhamdulillah saiki bisa silaturahmi nong umahe kang Chairul

Iwuh ring pucuk kulon pulo Jawa kanggone wong-wong Banyuwangi hang teka pucuk wetan ditekani emeh kabeh anggotane hang semebar ring Cilegon, Merak lan Serang. Ikawangi Korwil Cimerang iki ulan Juli sore wis milih penguruse hang anyar lan ketuane tetep kang Ahmad Fauzi hang wis kepilih dadi ping telung periode sedurunge. Dene wakile ana kang Agus Dwi Sekretaris ngerangkep humas mbok Rahma, bendaharane mbok Sunarti lan penasihate kang Agus Yulis. 

Kapanane kang Fauzi iki sambatan seru sarane ngelumpukaken wong ring Cimerang, taping sore iku katon seru guyube. Paran maning ana anggota anyar kang Asrori lan ditekani pisan ring wong Bekasi, pulisi Airud hang kapale tepak sandhar ring Merak yaiku kang Taufik Hidayat. Uga ana kang Jamil Segara hang teka Tangerang Selatan lan wakil teka Ikawangi Pusat Jakarta Kang Aang. Gedigu ya diunekaken pisan ring basanan:

Ning Baluran nggawa gelangse

Kadhung bisa seduluran selawase

lan

Teka terminal ning alas Baluran

Kadhung wis kenal kudu dadi seduluran

Marek iku ditutup:

Mbah Karminten ketiban cendhela, lara

Cukup sementen atur kula

 

Ring Nabire, Papua, Ikawangi Nabire tanggal 12 September sore ngeresmekaken jajaran penguruse. Hang dipilih dadi ketua umum yaiku kang Sukatemin, S.Kep, Ns, M. Kep, ketua harian kang Muhammad Slamet Hardimas, sekretarise kang Sugiyono hang dibantu sekretaris 1 kang Eko Hadi Purnomo lan sekretaris 2 kang Muhammad Suwandoyo.

Anggotane Ikawangi Nabire iki kira-kira ana wong 80an hang akeh-akehe wong teka Pesanggaran hang laku dadi wong tani ring kana, jare sekretarise, Kang Sugiyono. Setemene Nabire iki ya buru bain diedegaken ring 11 wong tokoh masarakat Banyuwangi hang ana ring tanah boroan, yaiku kang Sumardi, kang Sukatemin, kang Slamet Hardimas, kang Suatam, kang Sumartono, kang Sugiyono, kang Nur Khotib, kang Suhaili, kang Sukatijan, kang Budiono lan ruwahe mbah Wagiran.

Jare kang Sugiyono, hang arep ditarget ring mengarepe ambi pengurus hang dipilih limang taun sepisan iki, hang kawitan yaiku konsolidasi ngelumpukaken wong-wong Banyuwangi hang ana ring kabupaten iku lan nggawe kepengurusan sampek ring tingkat desa. Aju kepengurusan DPD iki arep diusulaken ring DPW wilayah Propinsi Papua.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : wawancara

Editor: Hani Z. Noor