Ikawangi Batam: Legalitas lan Target Wisata Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 26 November 2020 06:49 WIB)
- Laporan
Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Batam telikas anggone ngurus idin legalitas perkumpulane. Kudune iki bisa dadi tuladha Ikawangi liyane hang magih teratapan ngurus organisasine.
Marek pemilihan pengurus anyar tanggal 23 Agustus 2020, aju didaptaraken nong notaris tanggal 3 Nopember lan sore tanggal 20 Nopember wis ulih pengesahan minangka Badan Hukum hang aran Perkumpulan Ikawangi Batam teka Kementrian Hukum dan HAM. Mung butuh wektu telung ulan.
Ketua Umum Ikawangi Batam Syamsuddin Malik seru girange merga wis ulih pengesahan organisasine.
"Mula targethun kudu nduwe legalitas sulung. Sedurunge kaya urip kaya matek. Taping merga saiki wis ana legalitas, target mengarepe arep nggelar Rakor Umum kanggo nyusun program lan tugas korwil-korwil," jare Syamsudin hang asal dusun Pekiringan, Sumbersari, Srono.
Ikawangi Batam wis ngadeg sakat 2018 lan dipimpin ring ketua umum sedurunge yaiku kang Jokoseno. Naming tepak pemilihan pengurus Agustus sore, iyane hing gelem nyalonaken maning.
Ikawangi Batam saiki nduwe anggota hang kecathet kira-kira 150 wong lan nduwe koordinator wilayah hang ana ring limang panggonan, yaiku 1. Sekupang 2. Batu Aji 3. Batu Ampar 4. Batam Center lan 5. Piayu.
Ana telung saka hang dienggo sendhenan ngembangaken Ikawangi Batam yaiku 1. Agama 2. Sosial Budaya 3. Ekonomi.
"Hang paling parek, Isun arep njejegaken keanggotaan kelawan nduwe Kartu Tanda Anggota, makene weruh endi wong Banyuwangi hang aktip, pasip lan hang mung dadi penyokong," jare Syamsudin hang teka ring Batam diejak wong mung arel memengan merga parek Singapura lan Malaysia. Wong Banyuwangi setemene akeh ewonan nong Batam taping tantangane kelendi Ikawangi bisa dadi sembrani kanggone wong-wong iku.
Kanggo urusan budaya, Ikawangi Batam wis nduwe grup kesenian Jaranan Buta hang wis kerep manggung nong Batam. Ana uga grup jaranan Satriyo Agung Yekso hang sampek saiki magih aktip seru latihan.
"Kanggo target dawane, Isun ya kepingin njunjung gandrung hang dadi ikon Banyuwangi ana ring Batam makene ana aura Banyuwangi ring kene," jare Syamsudin. Polae kelendi-kelendiya Batam parek ambi Singapura lan Malaysia, dadine gandrung lan adat istiadat Banyuwangi bisa dadi salah siji tontonan andhelan wisatawan manca negara.
"Sektor ekonomi ya kudu dibangun merga kadhung mung budaya, Ikawangi hing duwe rekening. Ana kanca-kanca hang mikir arep mbukak traveling, perdagangan lan jasa konstruksi," jare wong hang melebu Batam taun 2009 iki.
Tujuwan utamane, "Kelendi bisane Wisata Using jemenggreng ring Pulo Batam," gedigu Syamsudin nutup omongane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






