Ikawangi Batam Ngersaya Nggawa Mulih Wargane Nang Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 10 November 2020 07:12 WIB)
- Laporan



Kadhung diemataken, mula bener slogane Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) ring endi-endi "Rika dulurisun lan Isun dulurrika" merga wong Banyuwangi hang mbara ring lemahe uwong kudu pinter nyedulur. Paran maning hang sing nduwe sapa-sapa, urip dhewekan, kaya Pak Agus hang saiki kilah-kilah ring Rumah Sakit Daerah Embung Fatimah ring Batuaji, Batam.
Kawitane, semebar ring facebook lan medsos, gok ana wong Banyuwangi hang dirawat ring kana merga stroke lan hing ana dulur siji-sijiya nong Batam. Aju wakil ketua Ikawangi Batam kang Suko Wiyono lan kang Taryo nyulungi golet inpormasi nong rumah sakit. Temenan Pak Agus hang teka Tembokrejo, Muncar iki wis ulanan dadi kembang peturon ring kamar sakit kono. Nggolet impormasi teka pak Agus dhewek ya wis hing bisa merga kahanane gedigu. Sakwise ketua umum Ikawangi Batam, kang Syamsuddin Malik lan Bendahara kang Yogi Tri Cahyo nututi nong rumah sakit, pungkasane diputusaken arep mbalekaken pak Agus nong Banyuwangi. Perlu pirangane dina nggawe keputusan iku merga kanggo mastekaken gok pak Agus iku mula temenan urip dhewek nong Batam, nana keluwargane. Kelawan bantuwane wong akeh, keluwargane ring Tembokrejo bisa ditemokaken, yaiku ponakane hang aran Bu Endang.
"Dadi engko kadhung bisa digawa mulih arep diserahaken nang Bu Endang iku," jare Syamsuddin nang belambangan.com.
Butuhe kira-kira 25 juta kanggo ngateraken nunggang pesawat nong Surabaya, lan teka Surabaya nunggang ambulan nong Banyuwangi. Merga Ikawangi Batam hing nduwe picis semono akehe, pungkasane Ikawangi Batam nothok lawange dulur-dulure ring perkumpulan Ikawangi sak donya sak perlu njaluk sumbangan. Akeh hang milu tiblakan, kelebu Ikawangi Jabodetabek hang nggawe wawarah husus kanggo mbantu pak Agus iki.
Ring grup Ikawangi sak donya ana hang nduwe penemu, kelendi kadhung dikirim teka Batam nang Bali, aju teka Bali njaluk tulung Ikawangi Dewata hang mula nduwe ambulan dhewek kanggo wargane. Cumpu penerbangan nong Bali hing pati akeh.
Direncanakaken pak Agus diiberaken dina Selasa 10 Nopember iki bareng ambi pengurus Ikawangi Kang Heru. "Masiya seperene, picise magih kurang wolung jutaan," jare Syamsuddin lare asal Sumbersari, Srono hang buru kepilih dadi ketua Ikawangi Batam ulan Agustus sore.
Ikawangi Batam wis ngadeg sakat 2018, nduwe anggota kira-kira 150 wong. Saiki wis nduwe koordinator wilayah hang ana ring enem panggonan, yaiku 1. Sekupang 2. Batu Aji 3. Batu Ampar 4. Batam Center 5. Piayu lan 6. Baloi Persero.
"Subsidi kesehatan kanggo perawatan pak Agus setemene wis entek. Dadi bisa hing bisa pak Agus iku kudu metu teka rumah sakit lan mulih nang Banyuwangi," jare Syamsuddin. Kadhung dudu awak-awak, hang dadi dulur iki, sapa maning hang peduli?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf