Ikawangi Cimerang, Kangelan Golet Anggota
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 10 Agustus 2021 12:43 WIB)
- Laporan
Ketua Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Korwil Cilegon, Merak, Serang (Cimerang) rada kangelan ngelumpukaken anggotane.
"Akeh-akehe wong tuwek-tuwek, dene generasi anyare hing ana. Taping kadhung ngelencer akeh hang milu, atusan," jare kang Ahmad Fauzi, wong kelairan desa Tukang Kayu, 61 taun kepungkur, ditemoni ring umahe ring Pondok Cilegon Indah.
Setemene Ikawangi iki wis sakat bengen ana ring Cilegon lan sak ubengane. Iyane wis njabat dadi ketua wis telung periode.
"Arep njaluk leren hing diulihi," jare kang Fauzi hang uga dadi ketua DKM masjid Al Huda, ketua Kelompok tani lan ketua alumni haji. Kepingin mundur nong organisasi hang endi bain hing ana hang diulihi.
Kegiyatane Ikawangi Cimerang saiki mung sewates arisan hang seperene dipiloni wong 26. "Taping kadhung ana kelenceran, akeh hang milu sampek atusan. Malah kadhung ana acara halal bihalal nong Taman Mini, bisa sampek rong bis. Durung hang nggawa montor dhewek," tambah kang Fauzi, pensiunan Krakatau Steel hang melebu Cilegon taun 1984.
"Tepak Isun kawitan teka nong Cilegon iki, Ikawangi wis ana. Taping jaman semono, ana wong Banyuwangi hang aran pak Sumono Abdul Hamid, personalia Karakatau Steel. Wong Banyuwangi hang nong kene dihubungi iyane kongkon ngumpul nong Ikawangi, dadi ya padha ngumpul mergane sungkan nong pak Sumono."
Sedurunge kang Fauzi, Ikawangi diketuani ring pak Yusron lan sedurunge maning pak Samsulhadi, lan pak Sumono hang uga kawitan ngedegaken Ikawangi.
Sedurunge dipamiti, wong hang diceluk ustad iki, ninggali basanan:
Ana cina sikile kuning
Liya dina ketemu maning
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







