Ikawangi Depok Diluruk, Merga Setaun Hing Kecaruk
Muhammad Jamil Rendra (dipublikasikan pada Kamis, 09 September 2021 08:20 WIB)
- Laporan
Itungane wis setaun lebih Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Korwil Depok hing tau nggelar pertemuan merga anane pageblug iki. Sarta kahanan pageblug wis rada suda, tanggal 5 September sore kumpulan arisan lan silaturahim wargane dianakaken maning taping magih nganggo protokol kesehatan.
Ring gesah iku diomongaken kelendi suwarane Korwil Depok ngadhepi pilihan ketua umum Ikawangi hang anyar lan perkara bantuan sosial kanggone wargane hang sing bisa nekani acarane.
Kayadene Ikawangi Pusat hang sedurunge arane Pewangi Jaya, setemene Ikawangi Depok iki wis nduwe kumpulan dhewek hang aran PAWARWANGI (Paguyuban Warga Banyuwangi) sakat taun 1980an. Hang milu ngedegaken antarane ruwahe Kang Suyat, ruwahe kang H. Misbah (anggota Brimob hang tau madeg ketuane Pawarwangi), lan ana maning hang magih ana umur seperene yaiku kang Mariyono. Anggotane akeh wong Brimob (ring Depok mula ana asrama Brimob) lan wong-wong hang megawe ring pabrik-pabrik sak ubengane Depok.
Sarta Pewangi Jaya ganti aran dadi Ikawangi aju saiki Ikawangi Pusat, Pawarwangi milu dadi korwile Ikawangi Pusat seperene. Gedigu bibit perkawit Ikawangi Depok, jare humase Kang Thohir hang ulih keterangan teka sesepuh Ikawangi Depok. Thohir dhewek milu Ikawangi Depok sakat 2003/2004.
Sakat jaman Pawarwangi, paguyuban wong Banyuwangi iki wis kerep nganakaken arisan lan pertemuan sampek nganakaken halalbihalal.
Ketuane Ikawangi korwil Depok hang saiki arane kang H. Jainul, dene sekretarise Kang Nanang lan bendaharabe kang Tugimin, bidhang hukume kang Sugianto hang uga dadi pulisi.
Nah, sakjege ana pageblug Ikawangi Depok Iki mandheg nganakaken pertemuan lan arisan merga milu aturan PPKM.
Taping Sakat setaun iki wis hing tau nganakaken arisan lan silaturahim maning sampek minggu sore iku.
Kanggo suwara ring pemilihan ketua Ikawangi anyar hang kudune dianakaken taun iki, kabeh warga Depok setuju milih maning kang Bambang Sugiyono merga katone hing ana wong liya hang bisa ngganteni.
Ring iwuh arisan sore hang milu teka katon ana ketua kang Jainul, sesepuh kang Mulyono, kang Nanang, kang Tugimin, kang Yono, kang Selamet, kang Suwito , pengacara kang Papang, Kang Fauzi, mbok Fauziyah, lan anggota liyane
Masiya wis suwi dadi korwile Ikawangi Pusat, Ikawangi Depok hang anggotane ana atusan wong, buru ulih pengesahan tepak ulan Maret sore bareng ambi korwil lan kelompok masyarakat sak ngingsore payung Ikawangi Pusat Jakarta.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kang Thohir Humas Ikawangi Depok
Editor: Antariksawan Jusuf








