Ikawangi Dewata Bali Terima Ambulans teka Bank BNI
Lulut Joni Prasojo (dipublikasikan pada Jumat, 15 Januari 2021 08:59 WIB)
- Laporan
Ketua Umum Ikawangi Dewata Bali Agustinus Wijaya nerima bantuwan Tanggung Jawab Sosial Corporate Social Responsibility (CSR) teka Bank BNI arupa ambulans lengkap ring halaman kantor BNI Wilayah Denpasar dina Kemis sore.
Kelawan tetep miloni protokol kesehatan, bantuwan iku diserahaken ring Pemimpin Kantor Wilayah Denpasar I Gusti Nyoman Dharma nyang Pengurus Ikawangi Dewata Bali hang diwakili Ketua Umum Agustinus Wijaya dikancani Istiyono (Sekjen), Mahmun Murod (Bendahara), Bambang Sutiyono (Pembina) lan Lulut Joni Prasojo (wasekjen).
“Bantuan ini kami berikan sebagai bentuk tanggung jawab sosial dan lingkungan BNI kepada komunitas dan lingkungan, sebagaimana yang diketahui pada masa pandemi ini banyak masyarakat yang mengalami kesulitan mengakses sarana prasarana kesehatan, kita berupaya agar masyarakat tetap mendapatkan layanan kesehatan yang prima namun masih terjangkau,” jare I Gusti Nyoman Dharma Putra.
Ketua umum Ikawangi Dewata Bali Agustinus Wijaya nyampekaken terimane lan penghargaan nyang BNI lan ngarepakaken gok hubungan hang wis apik iki bisa kejaga terus lan malah bisa digedhekaken ring kerjasama liyane.
“Kami berharap kepercayaan yang diberikan oleh BNI kepada Ikawangi Dewata untuk mengelola ambulans bisa memberi manfaat bagi warga masyarakat yang membutuhkan,” jare Agustinus Wijaya.
Ikawangi Dewata Bali minangka paguyuban sosial seru ngerasa dibantu kelawan anane ambulans iki. Sak suwene lebih 10 taun anane Ikawangi Dewata, ambulans iki itungane hang kepindho, sedurunge Ikawangi tau ulih bantuwan ambulans teka Pemkab Banyuwangi.
Ikawangi ngewani bantuwan layanan ambulans gratis kanggo anggota Ikawangi Dewata utawa warga liyane hang sing mampu hang mbutuhaken ambulans. Layanan sosial ambulans gratis iki diwakaken nyang warga sapa bain hang kurang mampu, hing kathik ndeleng asal-usule, agamane utawa identitas liyane.
Ambulans Ikawangi dewata wis ngelayani lebih teka 200 trip saben taune. Layanan antar pasien utawa jenasah nyang pirangane dhaerah sak ubengane Bali lan nyang luar Bali pisan. Emeh kabeh kutha ring pulo Jawa. Medura, lan Lombok.
Bantuwan BNI berbagi di masa pandemi iki ibarate banyu ring padhang pasir hang ngewani rasa seger lan manpaat nyata kanggo masarakat.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








