Ikawangi Dewata Ngersaya Kanggo Wargane Keneng Gusur

Lulut Joni Prasojo (dipublikasikan pada Kamis, 08 Oktober 2020 07:34 WIB)
- Laporan



Sutarniah, 95 taun, mung bisa pasrah ndeleng umahe dirubuhaken dina Minggu sore. Puluhan uwong mbongkari umah gedhek pelesteran lemah hang dipanggoni lan kira-kira ana 30 umahe tanggane hang ana ring perengan banyu Unda, desa Tangkas, pecake Galian C, Klungkung Bali. 

“Kene kudu mingser sedurunge keneng gusur," jare Sutarniah. Iyane wis manggon ring tanah sewan kono 15 taun lebih ambi 30 KK liyane hang umume teka Banyuwangi, Jember lan Lumajang. Emeh kabeh wong Banyuwangine iki wis dadi warga Ikawangi Dewata Klungkung. Kabeh kudu mingser sulung merga panggonane iku arep dibangun dam ring Tukad Unda.

Nana bantuwan teka pemerintah kanggo proses pindhahan iku. Emane ana bantuwan tenaga teka tim sosial Ikawangi Dewata Klungkung hang ngejak 60 anggotane ngersaya mbantu pindhahane warga pinggir banyu kono.

Tim Ikawangi dibagi loro. Setengah milu mbongkar umah hang ana ring pinggir banyu. Dene liyane negor jajang dienggo mbangun umah hang anyar.  

Atusan jajang iku setemene sumbangan Nengah Sawitra, anggota pulisi Polres Bangli, taping dikongkon njuwut lan negor dhewek ring kebonan. 

“Kene iki ngersaya merga perduli nyang nasibe para sedulur lan rasa kemenungsan," jare Ketua Ikawangi Dewata Klungkung H. Rianto. 

Rianto ngarteni gok uwong-uwong iku mung nyewa panggonan ring pinggir banyu iku nyang wong hang duwe lemah. Dadi kadhung ana paran-paran, kayata arep dibangun dam iku, ya kudu manut. Iyane kabeh mingser kira-kira 300 meter teka kono.

“Isun manggon nong kene iki merga sewane murah lan parek ring panggon pegaweyan," jare Buang, 55 taun. Ongkos sewane mung 50 ewu sak kelupek panggonan, ditambah 20 ewu kanggo lampu sak titik. Wong-wong iku uga mbayar iuran gedhene 30 ewu sak uwong nong pecalang/desa.

Kaya Surtaniah lan Buang mung bisa manut tepak hang nduwe lemah ngongkon iyane pindhah. Buang hang aseli teka Licin iki, kaya tangga-tanggane nong kono, magih mboro serabutan, kadhang milu ngelumpukaken galian C, kadhang milu proyek. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : reportase pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf