Ikawangi Dikongkon Nggarap Bisnis

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 20 September 2022 06:33 WIB)
- Laporan



Pembina Ikawangi Pusat Pak mayjen (purn.) Rusdi Maksum ngewani wekas kanggo Ikawangi kudune ngembangaken bisnis ring paguyuban iku.
"Ana bisik-bisik teka Pak Hafandi hang ngarepaken ana Forum Pengusaha Asal Banyuwangi," jare Pak Rusdi tepak ngewani sambutan ring acara mengeti 50 taune Ikawangi dina Minggu kepungkur ring resto Ikan Bakar Banyuwangi Rawamangun.
"Rasane iki cocog seru merga arep nduwe kiprah nang politik hing bisa," jare Pak Rusdi tepak ngewani pidhato siji-sijine hang nganggo basa Using.
   Pak Hafandi hang disebut-sebut iku mau salah sijine wong hang milu ngedegaken Ikawangi tahun 1972. Dienggo ngawiti, perlu dikelumpukaken pirangane pengusaha Banyuwangi hang uwis maju, aju digawe tata carane. "Hang wis maju ngewani kesempatan makene saya maju. Pumpung Bupatine ana nong kene," jare Pak Rusdi.
   Sakliyane ditekani Bupati Ipuk Fiestiandani, iwuh iku uga ditekani lakine yaiku Pak Azwar Anas hang buru seminggu dilantik dadi menteri PANRB.
Ana Pak Sutarjianto lan Pak Hafandi Noer hang ngerintis anane paguyuban wong Banyuwangi ring Jakarta. Ana pisan Pak Hanipan hang tau dadi ketua umum Ikawangi sedurunge ketua hang saiki Pak Bambang Sugiyono. Uga teka Pak Arief Yahya menteri Pariwisata dhongkol, Pak Marhen hang saiki dadi Direktur Pemasaran Pariwisata Nusantara, Kang Bambang Irianto hang makili pembina, lan Pak Boedi Mranata. Akeh pisan dhayoh teka Ikawangi diaspora sak nusantara kayata Kang Abdul Bahri (Bandung), Kang Suroso (Sumatera Selatan), Kang Taufik (Cirebon), Kang Firman (Mamuju Sulawesi Barat), Kang Kasiono (Jambi), Kang Eko Wahyudi (Lumajang), Kang Sukijan (Kalimantan Timur) lan Kang Suyitno (Balikpapan).
  Kayane wekas iku dititipaken kanggo ketua umum hang seteruse merga Ikawangi arep nganakaken musawarah paguyuban sedurunge tutup taun iki. Aju ketua umum hang saiki Kang Bambang Sugiyono kayane wis arep ngaso.
   Tepak pidhato Kang Bambang ngomong gok iwuh iki kelaksan merga digendhong indhit baren-bareng kabeh korwil.
   "Umur 50 iku dinamis...Ikawangi minangka promosi kanggo kabupaten Banyuwangi, ndadekaken Banyuwangi saya kesuwur."
   Kang Bambang aju nyeritakaken maning sejarahe Ikawangi kala semono. Ikawangi Pusat Jakarta iki wis dikawiti ring ulan Pebruari 1972 tepak wong-wong kecaruk ring umahe Bapak Sutarjianto, hang tau dadi walikota Jakarta Barat. Mberojole ditetepaken tanggal 16 September 1972, tepak wong-wong Banyuwangi, ditulungi Bupati jaman semono Bapak Djoko Supaat Slamet, nggawe pentas lan silaturahim kawitan ring Taman Ismail Marzuki. Aju disusun pengurus Paguyuban Warga Banyuwangi Jakarta Raya hang disingkat PEWANGI JAYA. Yaiku ruwahe Moelyadi (ketua umum), Soetardjianto (wakil ketua), Moh. Noer Hafandi (sekretaris), Hardjoko Saputro (bendahara).
   Tau mandheg tepak taun 1985-1990, aju taun 1991, ana putera Banyuwangi
H. Abdul Kahfi diangkat dadi walikota Jakarta Pusat.
    Sak mareke upacara sukuran ring umahe, Jalan Diponegoro, wong-wong sepakat milih H. Boesairie Abdullah minangka ketua paguyuban Banyuwangi hang anyar. Lan aran Pewangi Jaya diuwah dadi Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) seperene.
   Jumbule Ikawangi teka kene aju merembet jumbul ikawangi sak nusantara malah nong negara manca kayata Malaysia, Jerman, Amerika, Hongkong lan liya-liyane.
   Kang Bambang aju ngomong taun 2022 iki kaya dadi taune Banyuwangi. Ana Farel hang nggoyang istana, ana lare paskibraka Ayumi Sasaki, Kang Marhen hang dilantik dadi direktur Pemasaran Pariwisata Nusantara lan hang pungkasan Pak Anas hang dilantik peresidhen dadi menteri PANRB.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor