Ikawangi Jakarta Mbantu Korban Banjir, Salah Sijine Anake Penyanyi Sumiati

Yusron Arifi (dipublikasikan pada Senin, 22 Februari 2021 07:40 WIB)
- Laporan



Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat Jakarta milu mbantu korban banjir ring sak ubenge Jakarta hang keneng banjir gedhi ring tanggal 19-21 Pebruari.

Ring Jakarta Timur, pengurus Ikawangi Korwil Jakarta Timur hang diwakili kang Agus Boy, kang Yusron, kang Dimas, kang Alim nyambangi dulur Banyuwangi hang dadi korban banjir ring wilayah parek Kalimalang, Cipinang Melayu, Kampung Dukuh, Kampung Tengah, Pasar Rebo, Lubang Buaya lan Cakung. Salah siji hang dadi korban banjir iki lan disambangi Ikawangi yaiku Bayu, anake penyanyi kendhang kempul kesuwur mbok Sumiyati. 

Dulur-dulur hang keneng banjir iki disambangi gena hing rumangsa dhewekan ning perantauan, digedhekaken atine makene hing kariya keranta-ranta.

Sakmesisane nyambangi uga ngewani sithik Dana Bantuan ulihe tarikan hang dikelumpukaken Pengurus Ikawangi Korwil Jakarta Timur teka dulur-dulur Banyuwangi perantauan liyane.

Merga kedadeyan iki wis tuwuk kedaden ning Jakarta, Pengurus Ikawangi Korwil Jakarta Timur nduwe Dana hang diarani "Dana Tanggap Bencana" husus dienggo sithik mbantu dulur-dulur Banyuwangi perantauan hang keneng musibah bencana alam, hing mung ring wilayah Jakarta Timur bain, uga sak ubenge Jakarta, Bogor, Depok, Tangerang lan Bekasi (Jabodetabek) hang bisa kecandhak.

Pendongane bain kanggo dulur-dulur Banyuwangi ring perantauan utamane hang keneng musibah, diuweni sehat, selamet lan sabar. 

Ring Tangerang, Ikawangi Korwil Tangerang Raya ya melaku dhewek kanggone ngelungaken bantuwan kanggo anggota hang dadi korban lan wong-wong hang ana ring kiwa tengene.

Inisiatip teka Pembina Ikawangi Tangerang Raya kang Sujiono hang melaku bareng ambi mbok Vero, kang Nalendra, kang Krisna, kang Nanang, kang Fajar ambi rabine, kang Munir lan rabine.

Merga munggahe banyu ring Kali Cirerep lan kali Sabi, wilayah Tangerang Raya iki belabur utamane ring perumahan Bukit Tiara Cikupa, Perum 3, Pasir Gadung, Gebang Raya, Magnolia Residence lan wilayah Pasar Kemis. 

Ana nawi 40 keluwarga Ikawangi lan tangga kiwa tengene hang ulih bantuan teka Ikawangi. "Paran maning ana RT ring perumahan Gebang Raya hang pak RTne dadi panggonan posko lan dapur umum. Pak RTne iku anggota Ikawangi yaiku Pak Rudi asal teka Buluagung, Banyuwangi," jare humas Ikawangi kang Yahya.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf