Ikawangi Jakarta Timur lan Bekasi Nggelar HBH

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 01 Juni 2021 06:04 WIB)
- Laporan



   Ikatan Keluarga Banyuwangi Pusat Korwil Jakarta Timur lan Bekasi nggelar iwuh halalbihalal tanggal 30 Mei sore.   
   Setemene tanggal 30 Mei sore iku gilirane Pemda Banyuwangi munggah ring pentas Anjungan Taman Mini Indonesia Indah (TMII) Jakarta Timur. Saben kabupaten/kota diwani giliran nggawakaken pentas seni ring Anjungan Jawa Timur. Dadi saben minggu setaun jampleng ana bain hang duwe iwuh nong kono.
   Kabupaten Banyuwangi kebeneran ulih giliran saben-saben ring ulan Syawal. Dadi biyasahe dibarengaken ambi acara halalbihalal Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) hang ana ring ibukota.
   Serehne ana pageblug, Pemda Banyuwangi taun iki hing ngirim tim kesenian nong TMII. Anggaran picise dibelukaken nong kegiyatan kanggo nyegah pandemi Covid19, jare Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata M. Bramuda.
   Ikawangi hang ditawani nggawe acara halalbihalal dhewek nong Anjungan Jawa Timur ya wedi. Jare Ketua Umum Ikawangi Pusat kang Bambang Sugiono, polae wedi hang teka ring iwuh iku ambyak-ambyakan. Apuwa, merga wis rong taun iki hing dianakaken halalbihalal, akeh masarakat hang kangen kepingin kecaruk dulur-dulure lan ndeleng pentas kesenian Banyuwangi. "Paran maning taun iki akeh hang sing bisa ngetan merga miloni larangan pemerintah," jare kang Bambang. Masiya umpamane dipenginga, sapa hang bisa nyegah kadhung wong wis padha teka ring panggonan TMII kana. Malah engko ana klaster Ikawangi, aju hing sesehan aran Ikawangi lan panitiyane hang tanggung jawab.
   Setemene maning, merga Ikawangi wis pasti wurung, acarane arep diisi sepidhahan gowes bareng. Salah siji Kelompok Masyarakat (Pokmas) sak ngingsore Ikawangi Pusat hang taun iki penguruse ulih pengesahan yaiku Gowes Ikawangi arep milu ngisi acara ring tanggal iku. Dadi mung gowes mancat bareng lan dipungkasi halalbihalal ring Anjungan Jawa Timur taping ya wurung. Wedi hang teka ambyak-ambyakan mauka.
   Naming kekarepan silaturahim sakmareke lebaran mumpung ring ulan Syawal hing keneng dibebeng maning.
   Para anggota Ikawangi Korwil Jakarta Timur lan Bekasi nganakaken dhewek halalbihalal, masiya hang teka ya diwatesi.
   Ring Jakarta Timur lan Bekasi, acarane dianakaken sewates pengurus lan pirangane anggota. Bolak-balik MC ngengetaken perlune miloni protokol kesehatan.
   Acara ring Jakarta Timur, jare Wakil Ketua Agus Ibrahim, malah hing kathik sambutan, mung ana tausiah teka Ustadz H.M. Yusuf. Inti tausiahe, kelendi pentinge mbangun silaturahim, utamane sak padha-padha warga ikawangi.
   Ring Bekasi, IKOBE (Ikawangi Korwil Bekasi) hang diundang ya sithik. Jare Wakil Ketua, kang Nanang, hang penting tujuwan silaturahime kelaksan. "Hing kabeh anggota teka, mung sak derma njaluk sepura. Kelawan ati hang suci, padha-padha ngengetaken nong sedulur, dadi imun kejaga, guyub rukun magih kejaga ring mangsa pandemi."

Poto: Ikawangi Korwil Bekasi (IKOBE)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor