Ikawangi Jambi, Kutai Kartanegara Dilantik
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 06 April 2021 08:29 WIB)
- Laporan
Tambah dina saya akeh kumpulan Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) sak Indonesia hang katon, kelawan ngukuhaken penguruse.
Hang pungkasan, Ikawangi Jambi Sumatera lan Ikawangi Kutai Kartanegara Kalimantan Timur minggu sore penguruse dilantik madeg ngurusi organisasi sosial iki hang tujuwane kabeh dadi wadhah silaturahim wong Banyuwangi ring tanah boroan lan milu nguri-uri budaya Banyuwangi ring kana.
Ikawangi Jambi, jare ketuane hang anyar kang Panut, dilantik Kepala Dinas Pariwisata propinsi Jambi Dr. Purnamasari Syam, makili Pemda Banyuwangi hang Kepala Dinas Pariwisata dan Kebudayaan M. Bramuda atas nama bupati, mung bisa teka liwat media virtual.
Ikawangi Jambi hang diedegaken ana wong sanga tanggal 29 September 2019 iki wilayahe ngambah 11 kabupaten/kota hang ana ring propinsi Jambi. Anggotane hang kecathet lebih 500 uwong.
Dene penguruse saiki kanggo masa bakti 2021-2024 yaiku:
1. Sesepuh
a. Kasiono
b. Juli supriyono
c. Suwoto
d. Eko Buono
2. Pengurus
a. Ketua: Panut
b. Wakil ketua: Yuswandono
c. Sekretaris I: Nanda
d. Sekretaris II: Masrokin
e. Bendahara I: Y. Pujiono
f. Bendahara II: Sugeng Hariadi.
Masiya buru rong taun, Ikawangi Jambi iki wis duwe grup kesenian arupa angklung, gandrung lan jaranan.
Setemene ring Jambi ana pisan kumpulane wong Banyuwangi hang nganggo aran Ikawangi pisan. Taping Ikawangi hang sijine iki ngadeg ana ring ngingsore payung Ikawangi Sumatra Grup (ISG) hang duwe cabang ring sangang propinsi ring Sumatra.
Hang kemunjilan, ISG Jambi diedegaken tanggal 29 Januari 2021 sore. Merga magih anyar anggota ring ISG Jambi magih ana kurang lebih 50 wong.
Jare ketuane, kang Junarto, ISG Jambi ngambahi sangang wilayah hang ana ring propinsi iku.
Dene penguruse yaiku:
Ketua: Junarto
Wakil Ketua: Selamet
Sekretaris: Sri Handiyah
Bendahara: Santoso
Ring Kalimantan Timur, Kutai Kartanegara, Ikawangi hang wis ngadeg sakat 12 Juli 1995, dina Minggu sore milih ketuane hang anyar yaiku kang Rosid.
Jare kang Rosid iyane diwani wektu sak ulan kanggo njangkepi penguruse kanggo masa bakti 2021-2025.
Ikawangi Kutai anggotane akeh semebar nong pirangane wilayah kira-kira ana wong 300an taping hang aktip milu ngersaya mbangun organisasine kira-kira ana 40 uwong.
"Sak liyane ring Kutai, ana pengurus ring wilayah Separi, Teluk Dalam, Muara Badak, Bunga Putih kecamatan Marangkayu, lan Muara Kaman.
Kapanane tau didata kanggo nggawe kartu tanda anggota taping merga wektune parek Pilkada akeh hang rada aras-arasen wedi dimanpaataken pihak-pihak liya kanggo kepentingane dhewek, jare kang Rosid. Dadi program pendataan iku diendhegaken seperono, lan saiki arep diterusaken maning.
Jare wong kelairan Tegaldlimo hang pindhah nang Kalimantan marek lulus SD taun 1977 iki hang kudu digarap mengarepe wadhah silaturahime kayata kelompok arisan, kegiyatan sosial lan mbantu nyuksesaken program pemerintah. "Nong kene wis ana kelompok kesenian, iku hang uga kudu dikuwataken."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






