Ikawangi Jambi Ngewani Santunan Nyang Lare Atim lan Duafa

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 03 Mei 2021 06:06 WIB)
- Laporan



Ikatan Keluwarga Banyuwangi (Ikawangi) Jambi nggelar iwuh santunan nyang lare atim lan duafa ring ulan Ramadan iki.
"Setemene acara iki wis dadi sega jangan ibarate, setaun dianakaken paling sithik ping telu," jare ketua Ikawangi Jambi kang Panut.
"Minangka Ketua Umum, Isun nyampekaken terima hang gedhi nyang kabeh seksi-seksi utamane nyang kang Sudiarto, seksi humas, hang wis ubed nyiyapaken kabeh kanggo suksese acara."
   Iwuhe iku dianakaken ring sekretariat Ikawangi ring umahe kang Sudiarto ring Kelurahan Kenali Asam Atas, kecamatan Kota Baru propinsi Jambi.
   Lurah Kenali Asam Atas, pak Jepri hang milu nekani iwuh iku nyampekaken terimane merga Ikawangi wis bisa nulung lalare atim lan wong duafa hang ana ring kono.
   Ana 20 lare atim hang diwani santunan lan 17 wong melarat/duafa. Lare atim nerima picis, dene wong duafane nerima picis lan paket sembako.
   Jare kang Panut ring acara buka bareng aju diterusaken ambi teraweh bareng dipiloni ana nawi wong 50 teka Ikawangi. Sumbangan hang diterima teka anggota sak suwene 15 dina, ulih 8.450.000 rupiah.
   Ring Jambi iki ana loro paguyuban wong asal Banyuwangi. Hang nomer siji ya Ikawangi Jambi hang saiki dipimpin ambi kang Panut hang sore buru dilantik ambi
Kepala Dinas Pariwisata propinsi Jambi Dr. Purnamasari Syam, makili Pemda Banyuwangi.
  Ikawangi Jambi hang diedegaken ana wong sanga tanggal 29 September 2019 iki wilayahe ngambah 11 kabupaten/kota hang ana ring propinsi Jambi. Anggotane hang kecathet lebih 500 wong.
Dene siji maning ana Ikawangi hang ngadeg ring ngingsor payunge Ikawangi Sumatra Grup (ISG).

   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor