Ikawangi Kepingin Ngejak Bupati Banyuwangi Mancat Sepidhah Bareng

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 27 September 2021 09:12 WIB)
- Laporan



Ikawangi Pusat nduwe kerenteg ngejak Bupati Banyuwangi, para pimpinan Muspida lan tokoh-tokoh liyane ring acara mancat sepidhah hang kepingine dianakaken ring Banyuwangi.
   Ketua Umum Ikawangi Pusat Dr. Bambang Sugiyono, M. Si. ring iwuh pungkasan kanggo mengeti dina dadine Ikawangi hang kaping 49 yaiku Mancat Bareng ring Cafe Ardes kutha Tigaraksa Tangerang nguntabaken kekarepane iku.
"Hang milu paling sithik ana 100 wong. Engko kene ngundang Bupati, pimpinan Muspida lan tokoh-tokoh liyane ana ring kana," gedigu jare kang Bambang. "Muga-muga pagebluge wis suda taun ngarep."
   Kekarepan nggawe acara mancat bareng iku uga bisa dadi papan nduduhaken nong warga Banyuwangi gok Ikawangi wis bisa nyerambahi panggonan sak donya.
   Kang Bambang uga nyeritakaken maning tanggal 16 September 1972 iku minangka wektu kawitan wong-wong Banyuwangi hang ana ring Jakarta ngedegaken kumpulan hang diarani Pewangi Jaya (Paguyuban Warga Banyuwangi Jakarta Raya). Tanggal iku ditetepaken merga iku hang dadi bibit perkawit anane Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) hang sak iki wis njumbul nong kutha-kutha sak nusantara, malah ring negara manca.
"Merga paran? Merga aran Ikawangi saiki wis wangi. Masiya bengen tau kecut, sepet, taping saiki wangi."
   Ring iwuh iku uga diumumaken logo anyar Kelompok Masyarakat (Pokmas) Gowes Ikawangi hang duwe aran kumpulan Pedalatos (Pemancat Sepeda Lare Tanah Osing). Logo hang wis didadekaken bendhera sore iku diserahaken ring ketua Pedalatos kang Sujiono nyang kang Bambang. Sak liyane Koordinator Wilayah (Korwil), Ikawangi ya duwe pirangane pokmas kayata Magenta, Prajurit Blambangan, Ikabaru lan Gowes Ikawangi.
   Ring dina dadine hang kaping 49 iki Ikawangi nduweni tema: Melalui Silaturahmi kita tingkatkan solidaritas dan soliditas sesama warga Diaspora untuk ikut menduniakan Banyuwangi. Uga ana tagline: Gendhong Indhit, Megiyet Bareng. "Dadi kadhung ana iwuh kaya gedigi, kabeh milu nyangga bebarengan."
   Kegiyatan mancat bareng iku jare Ketua Panitiyane Diah Ayu Saraswita dipiloni wong 53 teka Ikawangi Jakarta, Bogor, Bekasi, Depok, Tangerang Selatan lan Tangerang Raya, uga komunitas mancat GGS. Taping kang sing milu mancat ya akeh. Paran maning pasukan emak-emak Penggemuk (dudu Pengurus) hang wis ebuk milu nyiyapaken panganan lan uba rampe liyane, uga nggelar bazar cilik hang nyedhiyakaken panganan has Banyuwangi kayata pelasan, peyek lan liya-liyane.
   Hiburane nekakaken diva penyanyi Banyuwangi mbok Sumiyati lan penyanyi enom Nanda Feraro. Acarane dadi rumang merga wong-wong hang ana ring kono milu nggandhang Kanggo Riko, Boso Moto, Bisane Mung Nyawang lan Edan Turun.
   Hang nggarahi girang mbok Sumiyati njaluk bareng-bareng nggendhingaken "Manuk Kepodhang", hang dianggit wong Genteng ruwahe Pak S. Parman, kanggo ngurmati ruwahe. Mbok Sumiyati dikancani anake ruwahe hang saiki manggon ring Bogor yaiku mbok Vivie lan Dina.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf