Ikawangi Kepri Ngelungaken Bantuwan Kanggo Korban Banjir
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 11 Januari 2021 06:59 WIB)
- Laporan
Kelawan rasa seduluran, Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Kepulauan Riau mbukak layanan kanggo mbantu wong-wong hang keneng belabur ring Kepulauan Riau.
"Saiki masarakat hang keneng dhampak banjir iku sementara mbutuhaken sega bungkus hang langsung bisa dipangan. Dudu bahan pangan kerana ya durung bisa masak. Alat-alate masak padha langi-langian," jare Ketua Umum Ikawangi Kepri Nury Argo.
Sakat minggu kawitan taun 2021 iki Kepulauan Riau hususe ring ibukota Tanjung Pinang diantem udan gedhi tepak banyu segarane dhuwur dadi banyune hing bisa mili.
"Sakat manggon ring kene 22 taun kepungkur, Isun durung tau ngalami banjir hang gedigi," jare kang Nury hang melibeng kutha ngerobok dikancani ambi bendahara lan humas Ikawangi Kepri.
Sak kepulauan Riau, jare berita lokal ana ewonan umah hang kebanjiran ring 44 panggonan, lan lebih teka 1100 KK utawa kira-kira 3000an wong hang keneng dhampak belabur iki. Kayane korbane saya akeh merga banyune magih saya munggah, durung katon mudhun. Hang nemen seru, ana ring wilayah Batu 13 kawasan Puspandari utawa hang kesuwur kelawan aran Jembatan Buaya.
"Hang Sun bantu nong kene hing mung warga Ikawangi tapi umum, artine Isun hing pilih-pilih tebu," jare kang Nury.
Sedina bisa atusan sega bungkus hang diperloaken kanggo konsumsi wong-wong hang ana ring kana. "Warunge wong Jawa tutup kabeh, hang ana mung warung sega Padang."
Jare kang Nury setemene ana pisan pengusaha hang nyumbang beras petang karung taping hing ana hang nandangi merga wong-wong gupuh ambi kahanane dhewek-dhewek.
Kelawan bantuwan donatur lan mbukak dhompete dhewek, kang Nury lan Ikawangi Kepri wis nyebar atusan sega bungkus nong para korban.
"Dadi kadhung ana dulur-dulur hang kepingin mbantu sega bungkus, bisa ngubungi Isun, utawa transfer bain nong BCA
# 8890522743 atas nama Nursalim," jare kang Nury.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








