Ikawangi Papua Arep Nggelar 100 Gandrung

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 18 Oktober 2021 11:19 WIB)
- Laporan



Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) propinsi Papua arep nggelar kesenian Banyuwangi massal arupa 100 Gandrung lan jaranan buta ring ulan Desember 2021.
"Sak liyane kanggo nguri-uri budaya, ana 100 gandrung lan pirangane jaranan buta, iwuhe iki ya ngewani panggonan nyang pedagang UMKM ring Papua kanggo dodolan," gedigu jare kang Kateno hang didhapuk dadi ketua panitiya. Engkone arep koordinasi ambi pemerintah dhaerah ring kono makene wong dodolan bisa ulih panggonan kanggo dagangane, kayata kuliner.
   Apuwa Desember? "Merga mayoritas wong ring Papua iku umat Nasrani, ulan Desember dadi ulan hang penting lan akeh preine," tambah Kang Kateno hang uga Wakil Ketua I Ikawangi Propinsi Papua hang asal Sembon, Kedung Agung, Jajag.
Sak liyane gandrung lan jaranan buta hang ditekakaken teka telung sanggare Ikawangi ring wilayah Kota Jayapura, Kabupaten Jayapura lan Kabupaten Keerom, panitiya ya arep ngundang sanggar Ikawangi Timika, hang itungane "parek", yaiku kira-kira 1,5 jam nunggang montor muluk.
   Sanggare wong Banyuwangi ring Papua setemene ya ana pisan anggotane wong teka propinsi liya, umpamane Ponorogo, Blitar lan uga teka tanah Pasundan.
   Panggonane direncanakaken ana ring panggonan PTC Entrop hang ana lapangane wera.
   Ulan iki sak njerone gelaran PON XX, kesenian Ikawangi teka sanggar "Sekar Tanjung" ya wis milu ngeramekaken gelar kesenian arupa gandrung lan jaranan buta.
   Tanggal 17 Oktober sore Ikawangi Papua nganakaken perayaan mengeti dina dadine hang kaping 36 ring umahe Ketua DPD Ikawangi Papua Kang Dr.  Hadi Subroto Kelurahan Angkasa, Distrik/Kecamatan Jayapura Utara, Kota Jayapura.
   Ring acara hang uga ditekani ketua dhongkol Ikawangi Papua hang uga Ketua Himpunan Keluarga Jawa dan Madura (HKJM) kang Dr. H. Sarminanto, pelatih bola volley Putri Papua asal Banyuwangi yaiku kang Ayub, lan tokoh Masyarakat Papua Dr. Musa Jowe. Pak Musa ngomong gok Ikawangi "merupakan Aset Pemda Provinsi Papua yang mampu merekatkan hubungan antar warga Papua di Jayapura."
   Ketua Ikawangi Propinsi Papua kang Broto ngomong ring pidhatone Ikawangi kudu saya guyub lan rukun kelawan ningkataken silaturahmine. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor