Ikawangi Peduli Sosial 2021 Ngelungaken Atusan Bungkus Sembako
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 02 Agustus 2021 05:55 WIB)
- Laporan
Hing kabeh wong Banyuwangi hang urip ana ring tanah boroan kahanan ekonomine apik. Paran maning sakjege ana pageblug, akeh hang dilereni teka pegaweyane, hang dodolane tambah seret, durung maning hang isolasi mandiri hing bisa paran-paran lan hing ngasilaken paran-paran.
Mangkane hing maido Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat Jakarta ngelumpukaken donasi teka wong-wong Banyuwangi hang picise ana lebihan kanggo sakderma mbantu dulur-dulure ring iwuh "Ikawangi Peduli Sosial 2021." Sak suwene ana pageblug, iwuh iki wis hang kepindho. Hang sulungan ulan Juni 2020.
"Alhamdulillah taun iki saya akeh hang milu nggendhong indhit. Hun tanggo saya sithik hang nyumbang cumpune lebih teka hang dikelumpukaken taun sore," jare Ketua Umum Ikawangi Pusat Jakarta Pak Dr. Bambang Sugiyono nganggo basa Indonesia.
Masiya mung diumumaken hing sampek 10 dina, picis hang ngelumpuk akehe ana Rp. 61.300.000, kabeh ditukokaken paket sembako 325 bungkus (bandhingaken ambi hang taun sore, yaiku Rp. 56.700.000 hang dienggo tuku sembako 300 bungkus). Taun iki saben bungkus diakehi berase yaiku 10 kilo (taun sore mung limang kilo), lenga goreng sak liter, gula sekilo, sak pak masker isi 50, mie instan lan biskuit.
"Isun ngucapaken terima hang gedhi nyang kabeh donatur hang wis gelem mbantu kanggo dulur-dulur hang mbutuhaken," jare wong Genteng hang tau dadi walikota Jakarta Utara ring pidhatone.
Para donature iku yaiku Bp. Sutardjianto, Bp. Rusdi Maksum, Bp. Arief Yahya, Bp. Budi Mranata, Bp. Hafandi Noer, Bp. Hanifan, Bp. Sumono Abdul Hamid, Bp. Bambang Sugiyono, Bp. Sugihadi, Bp. Munawir, Bp. Lukman Yani, Bp. Sujiono, Bp. Suharsono, Bp. Bambang Irianto, Ibu Sulami Mustafa, Ibu Muhaya Juri, Ibu Anita Christina, Ibu Sofi Muntahar, Bp. Sudibyo Widodo, Bp. Iwan. Ditambah sumbangan teka koordinator wilayah (korwil) lan Kelompok Masyarakat (pokmas) hang ana ring ngingsor payunge Ikawangi yaiku Korwil Jakarta Selatan, Korwil Jakarta Timur, Korwil Jakarta Utara, Korwil Bekasi, Korwil Tangerang Raya, Ikabaru, Magenta lan Prajurit Blambangan.
Hing lali Pak Bambang ya ngelungaken rasa terimane nyang panitiya lan kabeh hang gelem milu ubret, masiya dilakoni suwene mangsa Pemberlakuan Pembatasan Kegiatan Masyarakat (PPKM) magih ana taping magih bisa ngelakoni iwuhe mau kelawan miloni protokol kesehatan.
"Mula lair, urip lan matek iku urusane Pengeran, taping kene tetep kudu ihtiar," jare Pak Bambang. Muga-muga taun ngarep pagebluge wis uncal, dadi kene bisa silaturahim kelawan kecaruk langsung, tambah Pak Bambang. Mula wis rong taun iki Ikawangi Pusat Jakarta hing nganakaken acara taunan Halalbihalal hang biyasahe digelar ring ulan Syawal ring Taman Mini Indonesia Indah.
Bingkisane iku dielungaken kelawan simbolis nyang para ketua Korwil lan sebagiyan ketua Pokmas hang teka ring dina Sabtu tanggal 31 Juli sore. Sakat teka Korwil Jakarta Pusat, Jakarta Utara, Jakarta Selatan, Jakarta Timur, Bogor, Depok, Tangerang Raya, Tangerang Selatan, Bekasi, Cilegon-Merak-Serang. Lan Pokmas Magenta, Ikabaru lan Prajurit Blambangan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







