Ikawangi Pekanbaru Kerjasama Pariwisata, Dene Balikpapan Kampanye Njaga Kesehatan

Hery susanto (dipublikasikan pada Kamis, 01 Oktober 2020 06:08 WIB)
- Laporan



Wakil Walikota Pekanbaru propinsi Riau, H. Ayat Cahyadi, ngemblang lawang kanggo mujudaken kerjasama antarane dhaerahe lan Banyuwangi ring urusan budaya lan pariwisata.

Tepak didhayohi pengurus Ikawangi Sumatra Grup (ISG) ring kantore pak Ayat ngomong gok Ikawangi bisa dadi wot antarane pemda Riau lan Banyuwangi.

"Ikawangi nanti bisa atur untuk membawa Tim Pemkab Banyuwangi ke kantor walikota Pekanbaru, kita akan bahas kerjasama pariwisata dan budaya, tentunya jika kondisinya sudah pulih dari Covid-19," jare Pak Ayat nang pengurus ISG hang dipimpin Ketua Umum Kang Amma, Sekjen Kang Hery lan pengurus liyane Kang Ade, Kang Arif lan Kang Suharsono.

Nekani pemerintah daerah lan nyambung komunikasi ambi pemda iku penting kanggone Ikawangi makene organisasine diakoni.

Tepak kecaruk tanggal 28 September sore, pak Ayat wis nerima penjelasan teka ketua umum ISG hang kantor pusate ana ring Pekanbaru. Minangka organisasi payunge, ISG nduwe koordinator wilayah ring sangang propinsi, mulai Aceh sampek Lampung.

Diterangaken ring kang Amma paran bain kegiyatan sosial, ekonomi, budaya lan agamane, pira akehe anggotane hang kecathet ring saben-saben korwil dhaerah lan ring pusat.

Pesene pak Ayat ana loro. Hang kepisan Ikawangi kudu nganakaken audiensi maning ambi Badan Kesbangpol Kota Pekanbaru. Hang nomer loro kerjasama ngenalaken promosi pariwisata lan budaya Banyuwangi.

Pertemuan ambi wakil walikota dipungkasi ambi cara nyerahaken kenang-kenangan teka ISG arupa plakat ISG.

 

Ring Balikpapan, kontributor belambangan.com Arief Sugiono ngelaporaken Ikawangi Balikpapan milu ambi rombongan Forum Komunikasi Paguyuban Balikpapan (FKPB) nggelar kampanye "Sadar Masker."

Kampanye iki tujuwane kanggo nyadharaken masarakat makene saya ngerti lan njaga kesehatan awake ring mangsa pageblug iki.

Jare Ketua Harian Ikawangi Balikpapan Budi Sakti Purnomo, hang dikarepaken ring acara iki masarakat Balikpapan saya sadhar lan njaga kesehatan awake dhewek kelawan miloni protokol kesehatan lan mesthi nganggo topong (masker) nong endi bain, kapan bain. Cara iki dianggep cara hang paling epektip kanggo nyegah pagebluge makene suda, sedurunge obat piruse ditemokaken.

Iwuh iki dipiloni kabeh anggota FKPB kelawan mbagekaken 3500 topong lan 2500 jajan kothakan nyang masarakat Balikpapan, ring pertelon Balikpapan Plaza.

Budi hang dikancani sekjen Ikawangi Supandi, ngomong gok milune Ikawangi ring iwuh kampanye iki nduduhaken gok Ikawangi milu aktip kanggo nyuksesaken program pemerintah.

 

 

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf