Ikawangi Pusat Jakarta Arep Milih Ketua Umum Anyar
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 23 Agustus 2021 06:22 WIB)
- Laporan
Mengeti dina dadine hang kaping 49, Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat Jakarta arep milih ketua umum anyar.
Ketua Umum hang saiki, Dr. Bambang Sugiyono, wis emeh entek wayah kepengurusane ring bungase taun iki. Iyane madeg dadi ketua umum wis ping telung periode.
"Kepengurusan Ikawangi hang saiki (Jan 2017-Des 2021) wis emeh entek, dadi kudune ana pemilihan ketua ring Musyawarah Paguyuban Nasional (MusPagNas). Dadi engko ulan Januari 2022, pengurus anyare wis bisa dilantik," jare wong Genteng hang tau dadi walikota Jakarta Utara iki.
Sak liyane ketua umum, rapat njero kawat (daring) liwat aplikasi Zoom dina Jemuah sore iku dipiloni 25 wong, teka Wakil Ketua Umum Bapak Sugihadi, Sekretaris Bapak Darmawan lan ibu Anita Christina, bendahara Ibu Sofi Muntahar, wakil teka pembina, uga perwakilan teka 10 koordinator wilayah (Korwil) lan telung Kelompok Masyarakat (Pokmas) hang ana ring ngingsor payunge Ikawangi Pusat.
Sakteruse, saben korwil lan pokmas kudu ngajokaken kriteria ketua umum hang bisa mimpin Ikawangi mengarepe lan uga usulan aran calon ketua umum.
Salah siji kriteria hang disebutaken kang Bambang, ketuane kudu bisa asah, asih lan asuh.
Embriyo Ikawangi Pusat Jakarta iki wis dikawiti ring ulan Pebruari 1972 kecaruk ring umahe Bapak Sutardjianto, hang tau dadi walikota Jakarta Barat. Mberojole ditetepaken tanggal 16 September 1972, tepak wong-wong Banyuwangi, ditulungi Bupati jaman semono Bapak Djoko Supaat Slamet, nggawe pentas lan silaturahim kawitan ring Taman Ismail Marzuki. Aju disusun pengurus Paguyuban Warga Banyuwangi Jakarta Raya hang disingkat PEWANGI JAYA. Yaiku Moelyadi (ketua umum), Soetardjianto (wakil ketua), Moh. Noer Hafandi (sekretaris), Hardjoko Saputro (bendahara).
Tau mandheg tepak taun 1985-1990, aju taun 1991, ana putera Banyuwangi
H. Abdul Kahfi diangkat dadi walikota Jakarta Pusat.
Sak mareke upacara sukuran ring umahe, Jalan Diponegoro, wong-wong sepakat milih H. Boesairie Abdullah minangka ketua paguyuban Banyuwangi hang anyar. Lan aran Pewangi Jaya diuwah dadi Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) seperene.
Teka taun 1991-2002, ketua-ketua iki didadekaken ketua teka karepe lan rundhingane para sesepuh. Buru sakat taun 2002, jamane Pak Bambang dadi ketua umum hang sepisan dianakaken pemilihan.
Mengarepe, makene Ikawangi nduwe cara hang apik, panitia kudu nganakaken pemilihan iku lan namtoaken pisan kriteria kelendi hang cocog kanggone ketua umum Ikawangi, jare pak Bambang.
Kadhung ngerungokaken penemune para wakil korwil lan pokmas ring rapat iku, kabeh magih nggandholi Pak Bambang makene tetep gelem nerusaken dadi ketua umume.
Jare Wakil Sekretaris Ikawangi, Ibu Anita Christina, ring AD/ART mula hing ana watesan ping pirang periode sijine pawongan bisa dadi ketua umum. Hang diwatesi mung sak periode iku limang taun.
Salah siji korwil, yaiku Mohammad Thohir teka Depok, ngengetaken aja sampek Ikawangi dirusak ambi ketua umum anyar hang melebu nganggo modhal picis.
Teka sesepuh lan pembina kayata Pak Tardji lan Pak Arief Yahya uga nduwe penemu hang padha, gok seperene durung ana njumbul figur hang bisa ngganteni Pak Bambang lan hang nggawa Ikawangi dadi lan apike.
Pak Arief Yahya hang tau dadi menteri Pariwisata ngusulaken mesthine wakile ana loro, siji ngurusi Jabodetabek lan sijine ngurusi Ikawangi hang ana ring propinsi liyane.
Mula ana Ikawangi ring propinsi liyane hang kepingin diesahaken kepengurusane kelawan SK teka Ikawangi Pusat. Hang wis nampa SK umpamane Ikawangi Papua lan hang ngajokaken Ikawangi Mamuju.
Dene kanggo mengeti dina dadine hang kaping 49, Ikawangi arep nggelar sukuran tumpengan dina Sabtu tanggal 18 September ring kantor Sekretariat Jalan Tanah Merdeka, Kampung Rambutan. Merga magih PPKM, hang diundang mung perwakilan Korwil lan Pokmas lan acarane arep digawe njero kawat makene bisa dipiloni warga Ikawangi liyane hang kepingin ndeleng.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.








