Ikawangi Sak Donya Sepakat Aran lan Arah Organisasine
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 26 Oktober 2020 08:05 WIB)
- Laporan
Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) sak donya namtoaken aran kumpulan anyare dienggo pidekan mbangun organisasine mengarep.
Diwani pilihan aran Forum Ikawangi Bersatu, Forum Ikawangi Sedunia lan Forum Ikawangi Global, emeh kabeh utusan Ikawangi milih Forum Ikawangi Bersatu (FIB).
Para ketuwa lan pengurus Ikawangi hang ana ring endi-endi, teka Papua sampek Aceh, milu rapat virtual hang kaping telu nganggo aplikasi Zoom Minggu 25 Oktober sore.
Ring rapat iku ya disetujoni gok kepemimpinane engko modhel bareng-bareng arupa presidium hang dibagi ring limang wilayah, kaya penemune Ketua Umum Ikawangi Papua kang Sarminanto.
Limang wilayah iku yaiku:
Wilayah 1: Sumatra, Kepri, Batam
Wilayah 2: Jawa lan negara manca
Wilayah 3. Kalimantan
Wilayah 4. Bali dan Nusa Tenggara
Wilayah 5: Sulawesi, Papua, Maluku
Wilayah iki dibagi kelawan ngitung kahanan geografis makene kerjasamane saya lancar.
Wakil Ikawangi hang ana ring negara manca kayata Brunei, Hongkong, Jepang, Malaysia, Taiwan, hang ring rapat sedurunge bisa milu gesah, sore padha prei rapat merga ana kesibukan liyane.
Seperene, masiya nggawe aran hang padha, organisasi wong Banyuwangi ring njaba Kabupaten Banyuwangi iki ngadeg dhewek-dhewek.
Forum iki mengarepe bisa dadi wadhah komunikasi lan koordinasi kabeh organisasi Ikawangi kanggo milu mbangun negara lan nggawe manpaat kanggo wong akeh, utamane wong Banyuwangi.
Ketua Ikawangi Bandung kang Abdul Bari ngusulaken sak kepengurusan suwene telung taun lan engko bisa diurut kacang teka anggota presidium siji lan sijine. Presidium iki dibantu ring sekretaris jenderal hang uga dipilih ring presidium.
Wong Banyuwangi ana atusan ewu hang mbara manggon ring njaba, ana hang merga ngembani tugas negara uga golet penguripan liyane.
Organisasi wong Banyuwangi hang paling kawitan kecathet ana Pewangi Jaya ring Jakarta hang ngadeg taun 1972 digagas ambi pak Hafandi Noer. Aju ganti aran dadi Ikawangi taun 1991 kaya hang diusulaken ambi ketuane taun iku yaiku Pak Boesairi Abdullah tepak rapat ring umahe sesepuh Ikawangi ruwahe Pak Abdul Kahfi hang tau dadi wakil gubernur DKI Jakarta.
Wong Ikawangi liyane hang tau dadi pejabat (walikota) ring DKI yaiku Pak Sutardjianto hang uga milu nggagas kawitan Ikawangi taun 1972, lan Pak Bambang Sugiono hang saiki dadi ketua umum Ikawangi Pusat Jabodetabek lan Cilegon.
Uga ana Pak Arief Yahya hang sore tau dadi menteri Pariwisata.
Ring Lampung ana atusan ewu wong Banyuwangi manggon ring kana. Wong Banyuwangi ana hang duwe rumah sakit sampek dadi wakil gubernur ring kono.
Dene Ikawangi liyane hing kurang-kurang kontribusine kanggo wilayahe dhewek-dhewek.
Lan anane Forum Ikawangi Bersatu iki dikarepaken Ikawangi saya jejeg ulihe milu mbangun negara lan ngewani manpaat kanggo wong akeh.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






