Ikawangi Sorong Arep Nggawe Pabrik Pengolahan Sawi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 19 November 2020 06:12 WIB)
- Laporan



Ketua Umum Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Sorong Papua, kang Sutikno, nargetaken ulan Maret taun ngarep Ikawangi Sorong wis nduwe mesin pengolahan sawi dhewek.
"Embuh pira kapasitas mesine, taping Ikawangi nduwe kebon dhewek 1,5 hektar, durung maning sawi hang teka kebonane rakyat," jare ketua umum hang buru dina Minggu sore dipilih maning hang kaping telu mimpin Ikawangi Sorong.

"Kadhung sepuluh taun sore konsentrasine Ikawangi ring bidang sosial, saiki ring ekonomi," jare Sutikno.
Ikawangi Sorong diedegaken taun 2008 kelawan limang taun saben periode kepengurusane. Naming merga ketua umume hang kawitan hing aktip, dianakaken maning pemilihan taun 2010 lan kang Sutikno hang dadi ketua umum. Ring taun 2015 lan 2020 iki iyane maning hang didhapuk dadi ketua umum.
Sak suwene sepuluh taun ring kepemimpinane, Ikawangi Sorong wis bisa tuku lemah 1,5 hektar lan mbangun kantor sekretariat ukuran 14 x 38 meter ring ndhuwure. Ring lemah sisane iku taun ngarep arep dibangun pabrik pengolahan sawi. Panggonan sekretariate iku ring Satuan Pemukiman (SP) 4 ring pareke wong-wong Banyuwangi hang akeh dadi wong tani.
Wong Banyuwangi hang pindhah merana akeh-akehe minangka dadi transmigran, kelebu wong tuweke Sutikno hang teka Jajag. Sutikno tepak iku magih umur 12 taun. Iyane melebu sekolah SD sampek kuliyah ring Sorong, lan ngelanjutaken S2 ring Malang. Akeh-akehe wong Banyuwangi hang migrasi iku teka Gendoh lan Gambor semebar ring sak kabupaten Sorong. Saiki wong Banyuwangi hang ana ring Sorong kira-kira ana 13.000 uwong kelawan macem-macem penggaweyan kayata petani, pegawe swasta lan penggaweyan liya dadi PNS kaya Sutikno. Iyane saiki madeg dadi Kepala Bidang Pendidikan ring Dinas Pendidikan Nasional ring Sorong.
Ale akehe penduduk Sorong mung kira-kira 150.000 uwong.
"Kadhung diitung, komunitas hang paling akeh uwonge ring Sorong iku Banyuwangi, aju Trenggalek, buru Jawa Tengah. Pendhudhuk aseline kira-kira mung setengah," jare Sutikno hang kelairan taun 1971.
"Taping ya iku, wong Papua manggone adoh-adoh. Hang katon iku wong Jawa. Dadi saben pilkada wakil bupatine mesthi wong Jawa," tambah Sutikno.
Kegiyatan Ikawangi saiki akeh-akehe kegiyatan sosial lan nguri-uri budaya Banyuwangi.
"Isun dhemen saiki akeh lare enom anake generasi pertama hang gelem milu ring kesenian. Lalare iki laire wis ring Papua. Kene wis nduwe sanggar dhewek, ana gandrung, ana janger. Saben ana ulang taun, perayaan hari besar, mesthi mentas," jare Sutikno.
"Kebonane masarakat ring kene wera-wera, muga-muga pabrik pengolahan sawine tambah bisa nggawe makmure Ikawangi."

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Hani Z. Noor