Ikawangi Sumatera Mbagi e-money Gratis
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 03 Agustus 2020 07:43 WIB)
- Laporan
Kelendi carane anggota Paguyuban Ikawangi Sumatera (ISG) hang wilayahe sak gedhen-gedhen milu ngerasa nduweni organisasine?
Salah sijine ISG ngewani kartu anggota arupa e-money gratis.
Ring sela-selane acara koordinasi pengurus, Ketua Umum ISG Sumatera Selatan Suroso ngomong gok kartu eletronik e-money diwakaken nyang dulur-dulur ring ISG Sumatera Selatan hang ana ring wolung kabupaten iku.
"Dadi kabeh kecathet lan sak wayah-wayah dibutuhaken, datane bisa diakses kelawan gelis lan gampang," jare Suroso, ditirokaken ring Hery Susanto sekjen ISG Pusat hang manggon ring Pekanbaru.
Hang sing kalah pentinge kelendi carane melakokaken minangka wujud kepedulian hang temenanan nyang dulur-dulur Banyuwangi, tambah Suroso.
Setuhune ISG iki minangka wadhah kanggo mbangun penguripan ring bab sosial, ekonomi lan budaya antarane propinsi Sumatera Selatan lan kabupaten Banyuwangi, jare Suroso.
Hang uga penting yaiku mbangun komunikasi lan hubungan hang apik ambi ISG pusat lan mbukak jaringan ambi Ikawangi liyane sak Indonesia.
ISG ngadeg sakat 4 Januari 2019, saiki wis umur 2 taun melaku. Paguyuban rintisan hang dipandegane Budi Utomo lan kanca-kanca iku, saiki wis kedaftar ring KEPMEN KUM HAM No. AHU-00000033.AH.01.07.TH 2020. Dadi cara lembaga iku, wis sing dikuwatiraken maning keabsahane.
Seperene anggotane wis atusan lan dikira-kira bungase taun 2020 iki jumlahe bisa ewonan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Sekjen ISG Hery Susanto
Editor: Antariksawan Jusuf








