Ikawangi Sumatera, Ngeraketaken Dulur Kelawan Nandur Sawi Pandhesi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 22 Juli 2020 07:36 WIB)
- Laporan
Dulur-dulur hang ana ring pula Sumatera, nduwe cara dhewek ngarani paguyuban wong Banyuwangi ring pulau Andalas iku. Kadhung umume padha nganggo aran Ikawangi, cendheke teka ucap Ikatan Keluarga Banyuwangi, naming ring Sumateran arane ISG, dawene ucap Ikawangi Sumatera Group.
“Pancen karepe dulur-dulur ring Sumatera, kadhung bisa kabeh wong Banyuwangi hang mencar sakat teka Provinsi Lampung sampek Provinsi Nangroe Aceh Darussalam bisa diwadahi ring ISG iki. Angger ISG Provinsi, magih dipara maning ISG Kabupaten lan Kota ring Provinsi iku," gedigu ujare Kang Amma Kusbani, Ketua Umum ISG Pusat.
ISG Pusat manggon ring Kota Pekanbaru, Provinsi Riau. Kabeh kegiyatan ISG, diweruhi ambi ISG Pusat. Malah ana program rintisan, yaitu usaha ekonomi kanggo mbantu dulur-dulur lan bisa uga nguripi organisasi. Program nandur sawi pandesi wis dimulai sakat pungkasan taun 2019, manggon ring Kampang ambi tegalan werane telung hektar.
“Iki kanggo percobaan, saiki sawine wis wayahe ndangir. Apuwa gok dipilih nandur sawi pandesi, alae ring Banyuwangi nana hang doyan. Malah dulur Jawa ngarani Puhung Gandaruwo, merga mendemi kadhung dipangan langsung. Naming sawi ring kene kanggo kebutuhan liya, regane sawi pandesi iku apik lan larang timbang sawi biyasah. Kadhung perkara nandur sawi hang apik, dulur-dulur Banyuwangi seru pentere paran maning dulur-dulur hang ana ring (dhaerah) transmigransi”, tambahe Kang Amma hang aseli Sukopura, Kecamatan Srono iki.
ISG ngadeg sakat 4 Januari 2019, saiki wis umur 2 taun melaku. Paguyuban rintisan hang dipandegane Budi Utomo lan kanca-kanca iku, saiki wis kedaftar ring KEPMEN KUM HAM No. AHU-00000033.AH.01.07.TH 2020. Dadi cara lembaga iku, wis sing dikuwatiraken maning keabsahane.
“Sampek dina iki, ISG wis duwe anggota atusan wong. Malah kadhung ndeleng gelagate, anggota mau saya tambah lan pancen akeh hang ambak-ambake kepingin milu gabung. Isun bedhek, pungkasan taun 2020 anggota ISG wis bisa nembus nyang angka ewuan," gedigu ujare Harry Susanto, Sekjen ISG Pusat.
Hery hang aseli Lemahbangdewo, Kecamatan Rogojampi iki nerusaken, kadhung program sosial ekonomi pancen dadi prioritas. ISG Lampung wis tau duwe Program Bedhah Umah, mbangun umahe dulur-dulur Banyuwangi hang kurang layak. “Suwene ana pegablug Covid-19, ISG uga nduwe program kanggo dulur-dulur hang keneng dhampake, yaiku mbantu sembako kanggo dulur hang kelangan pegaweyan. Uga dulur-dulur hang pegaweyane sepi, merga ana pageblug Corona," tambah Hery.
Kepingin nduwe grup Kuntulan
Tekad nguri-nguri seni budaya Banyuwangi, ambi ngenalaken tanah kelairan ring boroan, murub terus ring dhadhane dulur-dulur ISG. Malah angger ana kumpulan, sak bisane ana hiburan Gandrung masiya tabuhane teka rekaman hang ana ring flasdisk. “Malah dulur-dulur Banyuwangi hang manggon ring Kabupaten Rokan Hulu, nduwe kelompok Kesenian Jaranan lan kerep mentas. Kadhung tarian Gandrung, dilestarikaken ambi ISG Sumatera Utara,” tambah Hery Susanto hang seregep ngubungi ISG sak Sumatera iki.
Rencana mengarep, ISG hang ana ring Pulau Sumatera kepengin nduwe grup Kuntulan sak perangkate. Iki wis disepakati dulur-dulur ISG, kanggo mujudaken karepe mulai nyelengi mane gage bisa tuku peralatan teka Banyuwangi. “Syukur-syukur kadhung ana donatur asal Banyuwangi ring endi bain, utawa mesisan Pemerintah Kabupaten Banyuwangi gelem nukokaken, seru senenge dulur-dulur ring Sumatera. Kabeh mau tujuane kanggo ngenalaken Banyuwangi, ambi nguweni hiburan masyarakat liya," gedigu pungkase Hery Susanto.
kontributor: Hery Susanto-SekJen ISG Pusat- Kota Pekanbaru Riau.
Email: [email protected]
Face book : Ikawangi Sumatera Group
Instagram : # Ikawangi Sumatera Group
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Antariksawan Jusuf








