Ikawangi Sumatera Selatan Ekspor Semat Nang India lan Pakistan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 12 Juli 2021 18:03 WIB)
- Laporan
Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Sumatera Selatan hing gelem mung dadi obyek pembangunan taping milu aktip ngisi pembangunan. Tuladhane, organisasi iki wis nandhatangani ekspor semate wit sawit nang Pakistan lan India.
Ring pidhato sambutane tepak pelantikan Pengurus Ikawangi kabupaten Musi Banyuasin, Ketua Ikawangi propinsi Sumatera Selatan, Bapak H. Suroso, SE. Ngarepaken gok Ikawangi Sumsel kudune bisa milu golet peran kanggo milu nyuksesaken program pemerintah. Warga Ikawangi Sumsel kudu dadi subyek pembangunan, hing mung dadi obyek pembangunan.
Ekspor semat sawit iki minangka usaha kanggo ngunggahaken tarap uripe masarakat melarat lan ngunggahaken dayane rakyat.
Ring perjanjiane kono, Ikawangi Sumsel kudu ngirim 250 ton semat sak ulane.
Iwuh pelantikan Pengurus Ikawangi ring Kabupaten Musi Banyuasin (Muba) dianakaken dina Minggu 11 Juli sore.
Manggon noring kantor desa Karya Maju, kecamatan Keluang, kabupaten Muba, penguruse dilantik ring Ketua Ikawangi propinsi Sumatera Selatan lan disekseni wong-wong Ikawangi liyane. Muba iki kira-kira telung jam nunggang montor kadhung teka ibukota Sumatera Selatan Palembang.
Serang milu girange, warga Banyuwangi hang ana ring kabupaten tangga liyane ring Sumatera Selatan, ambyak-ambyakan hang teka. Ana hang teka kabupaten Ogan Komering Ilir dipimpin langsung ring ketuane Bapak Nuril Fauzi, SE. Ana nawi 65 wong hang nunggang rong bis. Teka Korwil kabupaten Ogan Komering Ulu dipimpin ring ketuane Bapak Kateni, 25 wong nunggang telung montor. Teka kabupaten Okut dipimpin ring ketuane Bapak Slamet Santoso, SH ana 10 wong nganggo rong montor. Dene teka korwil kutha Palembang ana kira-kira 25 wong hang nunggang enem montor lan dipimpin ketuane Bapak Basit, ST. Korwil kabuopaten Banyuasin ngirimaken 15 wong hang dipimpin ring Bapak Edwin Sudarsono hang uga pendiri Ikawangi Sumatra Grup (ISG). Kira-kira ana wong 200 kelebu wong-wong teka Muba dhewek hang dadi tuan rumah.
Ring mangsa pageblug iki pertemuane magih bisa dianakaken merga desa kono magih kelebu Kuning, artine durung akeh hang keneng pirus iki lan iwuhe dianakaken kelawan protokol kesehatan hang disiplin. Ana petugas hang ngukur angete awak, panggonan wisuh, topong (masker), lan lungguhe rada adoh-adohan.
Iwuh iku uga ditekani Bapak Debby Heryanto S.STP,M.Si, Camat kecamatan Keluang. Uga Kapolsek Keluang, Dansatgas Covid kecamatan, anggota DPRD kab.Muba Bapak Samingan lan tokoh-tokoh agama, masyarakat liyane.
Macakaken sambutan teka Bupati Muba Dr. Didi Reza Alex Noerdin hang hing bisa teka merga magih ngawasi PPKM ring Kota Sekayu, Camat Debby Heryanto njelasaken gok bupati ngerasa girang lan ngucapaken terima hang gedhe kelawan anane Ikawangi ring kabupaten Muba. Pemerintah arep mbantu lan ngewani pasilitas ring program-program unggulan hang dilakoni Ikawangi Sumsel. Utama iku mau ekspor semat sawit nang Pakistan lan India.
Hing lali ring iwuh iku, para dhayohe disuguhi tari-tarian Banyuwangi, ana Jejer Gandrung, Padhang Ulan, lan tari Jaran Goyang.
Hing kelalen pisan panganan has Banyuwangi disuguhaken. Maneka panganan kayata rawon, pecel pitik, pitik geprek, lan semur daging. Suguhane ditata, utamane kanggo rombongan
Rombongan Muspida kecamatan Keluang lan dhayoh penting liyane dadi hing sampek ana antrian.
Ketua Ikawangi kabupaten Muba hang buru dilantik iki dipimpin ketuane yaiku Bapak Joko Santoso hang uga tokoh ring kecamatan Kaluang lan uga pebisnis hang sukses. Iwuhe iki bisa dianakaken merga lobi-lobine nang aparat kepolisian lan uga pemerintah ring Muba.
ISG iki minangka organisasi payung hang nduwe cabang ring sangang propinsi hang ana ring Sumatera teka Aceh sampek Lampung.
Laporan kang Wiyono, Humas Ikawangi Sumatera Selatan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Humas Ikawangi Sumatera Selatan kang Wiyono
Editor: Hani Z. Noor





