Ikawangi Sumatra Grup Nambani Wong Kadheman, Tangsel Njejegaken Organisasi

Hery susanto (dipublikasikan pada Senin, 14 September 2020 08:22 WIB)
- Laporan



Ikawangi Sumatra Grup (ISG) nggelar bakti sosial kelawan nambani uwong-uwong hang kadheman ring dina Minggu 13 September, kebarengan ambi Ikawangi Tangsel hang ngerencanakaken baksos donor darah.

Manggon ring umahe wakil ketua ISG Riau kang Ali Surahman ring kampung Transmigrasi Utama Karya kecamatan Kampar Kiri Tengah Riau, ISG nambani uwong-uwong hang lara nemen kayata keneng stroke, sarap kejepit, ginjal akut, maag akut, wong lumpuh wis suwi, ugel-ugelan kaku lan liya-liyane. Pengobatan gratis iku mau kerjasama ambi tim pengobatan thermo dermal produk teka negara Turki.
Rencana pengobatan iku digagas ring kang Imam Yahya seksi Sosial ISG provinsi Riau, kelawan persiyapan sak ulan sedurunge.
Salah lorone wong hang ditambani, kang Nurhamid lan kang Amma, wis bisa ngerasakaken dhewek hasiyate. Ugel-ugelan tangane hang maune kaku, saiki wis aron lan bisa ditekuk maning kaya aseline.
Baksos iki nduduhaken gok ISG perduli nyang dulur-dulur Banyuwangi hang ana ring boroan hususe hang ana ring wilayah Riau.

Ring pidhatone, Ketua Umum ISG kang Amma Kusbani ngomong liyane baksos, hang kudu dipikiri ring Ikawangi iki generasi enome. Merga generasi hang saiki bisa nerusaken organisasine kadhung hang tuwek hing ana maning. Mangkane iku, ISG nggawe wadhah hang arane ISG Teens kanggo lalare enom hang ana ring kana. Dikarepaken kang Iswan ketua Bidang Kaderisasi bisa ngelakokaken program iku.

Wis kaya anjerahe marek baksos, tuan rumah gupuh nyuguhi dhayohe ambi panganan has Banyuwangi kayata jangan kelor, pecelan lan pelasan dheleg. Hiburan angklung paglak ditabuh pisan ring kang Sutris ambi kang Gatot teka SP-1 kampung Transmigrasi kecamatan Kampar kiri Tengah.

Sakwetara iku dina Minggu iku pisan, Ikawangi Tangerang Selatan hang buru bain diedegaken ulan Juli kepungkur, nggelar rapat lan arisan kanggo njejegaken organisasine.

Ketua Ikawangi Tangsel, Dodot Trias, ngomong gok mengarepe arep nganakaken baksos donor darah lan mbantu mbecikaken musholla.

Ring acara hang dianakaken ring Kedai Kaji Osing (KKO) ring Ruko Graharaya Bintaro, Ikawangi Tangsel uga milih kang Sofyan Osing minangka wakil ketua organisasi. Sofyan iku lare Kampung Melayu hang nduwe KKO.






Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Liputan

Editor: Hani Z. Noor