IKAWANGI SURABAYA: Mbangun Paseduluran Liwat Arisan

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Rabu, 18 Maret 2020 08:48 WIB)
- Laporan



IKAWANGI (Ikatan Keluarga Banyuwangi) Surabaya, wis puluhan taun ngadeg lan terus ajeg nganakaken kegiyatan. Embuh iku kanggo nyambung paseduluran anggota dhewek, uga sithik akeh milu labuh mbantu tanah kelahiran. Sampek saiki hang kecathet anggota aktif ana 94, iku durung kelebu hang lanang lan rabine teka anggota Ikawangi hang aseli Banyuwangi. "Kadhung ditotal jendral ya lebih satus, hang teka angger  kumpulan uga kegiyatan liyane", ujar sesepuh Ikwangi Surabaya, Edy Puwodarminto, pawongan Using deles asal teka Dusun Derwono, Desa Balak Kecamatan Songgon iki.

Cikal bakale Ikawangi Surabaya dhewek ngadeg mulai 1 September 1996 ring Dusun Lopang, Desa Driyorejo, Kecamatan Diryorejo, Gresik. Ketua kawitan Sugeng Widodo mung setahun. Sak teruse Ikawangi wis ganti-ganti ketua ping wolu, malah arane uga tau ana embel-embel Ikawangi Sejahtera. Sakat 17 Maret 2017 mbalik maning nganggo aran Ikawangi Surabaya, ketuane Windaryono. 

"Ikawangi Surabaya diatur lan dilakokaken nganggo dasar Anggaran dasar lan Anggaran Rumah tangga ugo wis duwe Akte Notaris lan terdaftar resmi ring Kementrian Hukum dan HAM. Kegiyatan arisan  sakat tahun 2002 lan Koperasi  sakat taun 2005. Malah mulai 2008 - 2017, uga kerep milu bareng ring acara Gelar Budaya Blambangan. Angger ana acara hang diananakaken BakesbangPol Provisi Jawa Timur lan Kota Surabaya, Ikawangi Surabaya uga diajak milu", jare Edy hang tahu megawe ring Dinas Perkebunan Provinsi Jawa Timur lan Pensiun taun 2013 teka Balai Besar Perbenihan dan Proteksi Tanaman Perkebunan (BBP2TP) Surabaya.

Saikine, kegiyatan Ikawangi Surabaya terus ajeg angger ulan nganakaken arisan. Ana hang nyenengaken ring acara arisan mau, panganane diusahakaken has panganan Banyuwangi. Iki hang dadi sembrani dulur-dulur Banyuwangi, kadhung kangen nyang panganan kampung halaman teka nyang acara arisan mau. Kanggo pambuka, gendhing "Tanah Kelahiran" anggitane Andang CY lan Machfud HR. Uga Umbul-Umbul Blambangan anggitane Andang CY lan BS Noerdian sing tau kelalen, kanggo tamba kangen lan ngiling-iling makmur lan subure tanah Jawa bucu wetan.

"Tradisi hang wis ana diterusaken lan diapiki, ambi terus nyurung semangate dulur-dulur hang urip ring kadohan. Sak ulan sepisan ajeg, ring minggu kaping 2, dianakaken arisan uga kanggo silaturahim lan urup kaweruh ring panggonan dhewek. Anggota Ikawangi Surabaya iki manggonane ana hang melebu wilayah Gresik, Sidoarjo lan Surabaya. Angger pertemuan, aju dianakaken upaya kanggo nguwataken organisasi lan ngapiki paseduluran", ujare Ketua Ikawangi Surabaya, Windaryono, pawongan teka Dusun Karangdoro Desa  Karangdoro Kecamatan Tegalsari.

Masiya repot ambi pegaweyan ring boroan, anggota Ikawangi Surabaya magih wigati nyang tanah kelahirane. Sak liyane kerep katon ngenalaken budaya Banyuwangi ring Surabaya sak ubenge, ambi nggelar acara Seni Budaya. Ikawangi Surabaya magih kober ngelumpukaken dana Sosial kanggo mbantu dulur-dulur anggota Ikawangi, uga dulur Banyuwangi hang keneng musibah. "Dana mau ditarik husus ring acara angger ulan mau, kanggone bisa mbantu dulur hang kesusahan. Malah waktu ana belabur ring Alasmalang, Singojuruh, Ikawangi Surabaya uga bisa mbantu masiya sithik. Iki wujud tali asih kanca-kanca Ikawangi Surabaya nyang kampung halamane", gedigu ujare Windaryoko.

Mengarepe, Ikawangi Surabaya kepingin seru njalin hubungan ambi Ikawangi ring daerah liya ring Indonesia. Kadhung wis ana hubungan, akeh hang bisa dirembug, Embuh iku kanggo anggota dhewek, uga kanggo kemajuane tanah kelahiran Banyuwangi. "Iku mau uneg-uneg hang diomongakan Pak Edy ring Group WhatApps, mangkane kudu dirembug maning. Pancen akeh hang kudu diomongaken, merga jaman informasi kaya saiki, sing kira arep mung jagakaken urip tekan panggonan dhewek. Nawi ana kesempatan teka daerah liya, bisa dipasok teka Surabaya sak ubenge. Iku kan bisa minggunani kanggo Anggota Ikawangi", pungkase Mas Win, digu biyasahe arane hang akrab diceluk kanca-kanca Ikawangi Surabaya.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Komunitas

Editor: Antariksawan Jusuf