Ikawangi Tangerang Raya Kepingin Mbangun Pondok Ikawangi

Muhammad Jamil Rendra (dipublikasikan pada Selasa, 24 Agustus 2021 07:12 WIB)
- Laporan



Kira-kira sak ulan mareke Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat nggawe iwuh Peduli Sosial, Ikawangi Tangerang Raya nduduhaken awehe kelawan mbantu lalare atim hang ana ring Yayasan Yatim Satu Benih ring desa Babakan, Kecamatan Tenjo Bogor hang posisine lebih parek nang Tangerang timbang Bogor. Malah mengarepe kepingin milu mbangun pondhokan hang diarani "Pondok Ikawangi". 

Yayasan hang ngopeni lare atim iki, mula ngewani kesempatan sapa bain milu mbangun pondhok kanggo lare atim.

Kang Sujiono lan rabine bu Veronika, lebih dhemen kegiyatan sosial iki dienggo sekalian majokaken organisasine yaiku Ikawangi Tangerang Raya. Dadi sore iku ana kira-kira 20 wong lanang wadon penguruse Ikawangi Tangerang, kelebu Ketuane kang Kahfi, wakile kang Krisna, kang Zen, kang Asmuni, kang Yahya humas, kang Agus Salim, kang Nanang Sutrisno, kang Fajar, Hendra, kang Rudi Tuin lan liya-liyane hang milu guyub nulungi nggawa sembako, arupa beras lan mie instan. Dene emak-emak Ikawangi Tangerang Raya nyiapaken jajan lan sega kothakan hang dipangan bareng-bareng ambi lalare lan pengurus yayasan. 

Pengurus Ikawangi Tangerang Raya poto bareng ambi pengurus lan lare atim

Setemene sambang Yayasan Satu Benih iki dudu hang kawitan kanggo keluwarga Ikawangi Tangerang Raya. Sedurunge wis ping telu merana. Malah, kang Sujiono nduwe kerenteg arep milu mbangun salah siji pondhok hang dipanggoni lalare iku lan arep diarani "Pondok Ikawangi". Ring kawasan hang werane 2,4 hektar iku, yayasan hang ngadeg sakat taun 2009 iki ngulihi sapa bain mbangun pondok kanggo umahe lare atim hang diarani sak srege hang nyumbang/mbangun. Dadi saben umah pondhokan ring Yayasan Satu Benih iku beda-beda arane.

Kegiyatan sosial Ikawangi Tangerang iki hang marahi anake Penasihat, Diah Ayu Saraswita, milu-milu tepak iyane marek ulih "bonus" aju ditambahi bapake kanggo milu ring iwuh Sumbangan Sosial iki.

Pondhokan hang ana ring Yayasan Satu Benih

Jare Ketua Rumah Yatim Satu Benih, pak Imam Marsus, pondhokan hang arupa umah dirik ring pinggir lapangane kono akehe ana 84 umah hang dipanggoni lalare hang akehe 77 hang diemong. Teka 77 lare iku setemene ana 68 lare atim hang teka endi-endi panggonan ring Jawa lan Sumatera, lan sanga maning lare fisabilillah, yaiku lalare anake para pengurus yayasan.

Jare pak Imam, nerima lalare atim teka sapa bain lan teka endi bain, kelebu uga hang ditawakaken ring wong-wong liyane. Kadhung larene dirasa cocog, larene bisa melebu kapan bain lan diajari ring kono kelawan prei mbayar sekabehane.

 

Ketua Yayasan Satu Benih, Bapak Imam Marsus

Ring yayasan kono, lalare atim iku hing mung diajari kelawan kelas "home schooling" taping uga diajari ilmu teka "sekolah alam" kayata tandur-tandur, ngerawati rajakaya lan keterampilan liyane kayata dadi barista lan uga ngurusi warung hang nyedhiyani macem-macem produk gawenane yayasan iku. Akeh maceme produk hang digawe kayata macem-macem empon-empon hang wis digawe bubukan siap saji, obat herbal, madu, lan parfum, kabeh bisa digawe gawan oleh-oleh kanggo wong-wong hang nyambangi yayasan iku.  

Barang-barang gawenan Yayasan Satu Benih

Sedurunge nyantuni lalare atim iki, Ikawangi Tangerang iki ya nduwe wigati gedhe nyang anggotane sak suwene ana pageblug iki. Kanggo anggotane hang keneng positip covid19, Ikawangi Tangerang ngelungaken sembako, obat herbal kayata daun sungkai lan obat-obatan liyane.

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf