Ikawangi Tangerang Selatan Nganakaken Bedah Rumah

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 16 Desember 2020 06:37 WIB)
- Laporan



Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Korwil Tangerang Selatan nggawe program aksi sosial "Bedah Rumah" kelawan mbecikaken total umahe salah siji warga ring Tangerang Selatan.
Mbongkar umah lan nggawe pondhasi wis dikawiti dina Jemuah sore ring umahe wong tuna netra aran mbok Saani ring desa Buaran, kecamatan Setu. Umahe hang lawas, temepel ring temboke umahe keluwargane dirubuhaken merga wis hing mbejaji dipanggoni. Umahe gedheg lan kerep kelebon banyu tepak udan gedhi.
   "Setemene program Aksi Sosiale iki hang disasar nomer siji musholla hang durung ana cedhinge. Taping merga ndeleng kahanan umahe Saani ya iki hang disulungaken," jare ketua Korwil Tangsel Dodot.
   Sak liyane aksi Bedah Rumah, acara rutin liyane yaiku Gerakan Jumat Barokah hang mbagi sega kothakan nyang wong-wong melarat, lare atim lan wong hang mbutuhaken liyane.
   "Asal-usule setemene teka Jumat Barokah iku aju ana ide nggawe aksi Bedah Rumah," jare Dodot.
   Umahe mbok Saani werane 3x6meter lan 2,5x3meter leter L sore iku pungkasane dibongkar kabeh. Istilahe mbangun teka nol maning. Dina Selasa sore iki pondhasine wis marek lan tukange wis mangkat masang tembok. Biyaya hang dibutuhaken kira-kira  27 juta rupiah.Teka endi danane?
   "Ana hang teka anggota hang tiblakan sak ihlase, ana uga teka wong liya," jare bendahara Mbok Titin hang patheng melibeng golet sokongan teka kanca-kancane.
   Saben dina ana anggota Ikawangi Tangsel hang ngawasi pembangunane merga sumbangane diwakaken hing arupa picis taping arupa barang material bahan bangunan.
   Ikawangi Tangerang Selatan bengene minangka wilayah hang dipayungi korwil Tangerang Raya hang uga ngurusi Tangerang Kota lan Kabupaten Tangerang. Korwil-korwil iki minangka organisasi ngingsorane ring Ikawangi Pusat Jakarta, yaiku Jakarta, Bogor, Depok, Tangerang, Bekasi lan Cilegon/Banten. Taping sakat 28 Juli 2020 Tangerang Selatan nggawe susunan pengurus dhewek hang mung ngurusi wong-wong Banyuwangi hang ana ring wilayah Serpong, Bintaro, Ciputat, Pamulang, Pondok Cabe lan sak ubengane. Saiki kecathet emeh 100 wong hang dadi anggotane lan wis nggawe wadhah silaturahim arupa arisan saben ulan sepisan. Dina Minggu sore hang kepanggonan umahe yaiku kang Hari, tukang penyewaan tendha lan alat-alat pesta ring desa Jampang, Gunung Sindur.
   Dodot ngarepaken program Bedah Rumah lan Musholla iki lestari lan tetep dadi andalane Ikawangi Tangsel.
   “Kene iki ngarep-arep programe bisa lancar, kanca-kanca rejekine ya mbanyu mili makene bisa dadi manpaat hang gedhi ring masarakat."
Pengurus lan anggotane Ikawangi Tangerang Selatan iki macem-macem wonge. Ana hang pensiunan jenderal, tentara aktip, sampek akademisi lan artis. Taping akeh-akehe swasta hang ana ring bisnis kuliner. Dene Ikawangi Pusat Jakarta hang ana ring Jabodetabek lan Cilegon kira-kira nduwe anggota 20.000 kepala keluarga asal Banyuwangi. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor